Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #17 Translated in Jawa

فَلَمَّا جَاءَتْهُمْ آيَاتُنَا مُبْصِرَةً قَالُوا هَٰذَا سِحْرٌ مُبِينٌ
Fir’aun sawadyabale bareng katekan tandha yektiningsun terang katon cetha, banjur padha ngucap mengkene, "Kaelokan iki sihir kang cetha
وَجَحَدُوا بِهَا وَاسْتَيْقَنَتْهَا أَنْفُسُهُمْ ظُلْمًا وَعُلُوًّا ۚ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُفْسِدِينَ
Lan padha maido (angas) marang tandha yekti mau, tur ing bathin dheweke wis sumurp cetha (menawa kaelokan iku temen saka Allah). Anggone maudo mau saking gumedhe, moh manut. Mara sira ndelenga kapriye kawusanane wong kang padha gawe kerusakan ana ing bumi
وَلَقَدْ آتَيْنَا دَاوُودَ وَسُلَيْمَانَ عِلْمًا ۖ وَقَالَا الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي فَضَّلَنَا عَلَىٰ كَثِيرٍ مِنْ عِبَادِهِ الْمُؤْمِنِينَ
Lan yekti Ingsun wis maring kawruh marang Dawud lan Sulaiman, sakarone mau padha manglembana mengkene, "Sedaya pangalembana punika kagunganipun Allah, ingkang sampun paring kautaman dhumateng kawula, ngungkuli para kawulanipun pinten - pinten ingkang sami mukmin
وَوَرِثَ سُلَيْمَانُ دَاوُودَ ۖ وَقَالَ يَا أَيُّهَا النَّاسُ عُلِّمْنَا مَنْطِقَ الطَّيْرِ وَأُوتِينَا مِنْ كُلِّ شَيْءٍ ۖ إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ الْفَضْلُ الْمُبِينُ
Sulaiman anggenti kratone Dawud lan kenabiyane apadne kaweruhe, dumunung waris. Sulaiman paring pitutur mengkene, "He para manungsa, Ingsun iki terang nampa kanugrahane Allah, (yaiku kajaba ingsun anggenteni kraton lan kenabiyane mau), ingsun diparingi kawruh mangerti bahasaning manuk (lan kewan liya - liyane) lan uga diparingi kabeh kang diparingake marang para Nabi lan ratu". Sayekti iki temen lubering paparing kang tetela
وَحُشِرَ لِسُلَيْمَانَ جُنُودُهُ مِنَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ وَالطَّيْرِ فَهُمْ يُوزَعُونَ
Nalika Sulaiman pepara, wadyabalane jin, manungsa lan liya - liyane padha dikumpulake, anggerbeg anggone pepara, sarta ditata ing panggedhene dhewe - dhewe

Choose other languages: