Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Najm Ayahs #35 Translated in Jawa

وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ لِيَجْزِيَ الَّذِينَ أَسَاءُوا بِمَا عَمِلُوا وَيَجْزِيَ الَّذِينَ أَحْسَنُوا بِالْحُسْنَى
Isine bumi lan langit iku kagungane Allah, kang bakal matrapi kang lakune hala sarta ganjar wong kang tumindak panggawe becik
الَّذِينَ يَجْتَنِبُونَ كَبَائِرَ الْإِثْمِ وَالْفَوَاحِشَ إِلَّا اللَّمَمَ ۚ إِنَّ رَبَّكَ وَاسِعُ الْمَغْفِرَةِ ۚ هُوَ أَعْلَمُ بِكُمْ إِذْ أَنْشَأَكُمْ مِنَ الْأَرْضِ وَإِذْ أَنْتُمْ أَجِنَّةٌ فِي بُطُونِ أُمَّهَاتِكُمْ ۖ فَلَا تُزَكُّوا أَنْفُسَكُمْ ۖ هُوَ أَعْلَمُ بِمَنِ اتَّقَىٰ
Hiya iku wong kang padha nyingkiri dosa gedhe lan panggawe ala kajaba dosa cilik kang mung sithik. Satemene Allah iku pangapurane gedhe kang nguningani sira. Panjenengane nguningani sira nalika dadekake saka lemah utawa nalika isih ana wetenge biyungmu dadi bayi. Mulane sira aja semuci - suci. Allah nguningani wong kang bekti
أَفَرَأَيْتَ الَّذِي تَوَلَّىٰ
Piye panemumu wong kang balik (saka al-Quran)
وَأَعْطَىٰ قَلِيلًا وَأَكْدَىٰ
Lan mewehake bandhane sithik lan ora gelem weweh maneh
أَعِنْدَهُ عِلْمُ الْغَيْبِ فَهُوَ يَرَىٰ
Apa dheweke (Walid bin Mughiroh) weruh barang kang samar - samar ngnti ngerti (apa sing dikandhakake)

Choose other languages: