Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #89 Translated in Jawa

وَإِذَا رَأَى الَّذِينَ ظَلَمُوا الْعَذَابَ فَلَا يُخَفَّفُ عَنْهُمْ وَلَا هُمْ يُنْظَرُونَ
Lan nalikané para kang padha atindak dudu andeleng siksa, lah ora bakal diènthèngaké tumrap dhèwèké lan ora bakal padha pinaringan sumené
وَإِذَا رَأَى الَّذِينَ أَشْرَكُوا شُرَكَاءَهُمْ قَالُوا رَبَّنَا هَٰؤُلَاءِ شُرَكَاؤُنَا الَّذِينَ كُنَّا نَدْعُو مِنْ دُونِكَ ۖ فَأَلْقَوْا إِلَيْهِمُ الْقَوْلَ إِنَّكُمْ لَكَاذِبُونَ
Lan nalikané para kang padha anyakuthokaké padha andeleng sesembahan-sakuthoné, padha ca- lathu: Pangéran kawula, punika para sesembahan-sekuthon kawula, ingkang sami kawula sebut-sebut sanèsipun Tuwan. Ananging iku bakal padha awèh wangsulan marang dhèwèké: Sayekti kowé iku padha wong goroh
وَأَلْقَوْا إِلَى اللَّهِ يَوْمَئِذٍ السَّلَمَ ۖ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَا كَانُوا يَفْتَرُونَ
Lan ing dina iku dhèwèké bakal padha angunjukaké sumarah marang Allah; lan barang gawé-gawéné adaté, padha sirna saka ing dhèwèké
الَّذِينَ كَفَرُوا وَصَدُّوا عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ زِدْنَاهُمْ عَذَابًا فَوْقَ الْعَذَابِ بِمَا كَانُوا يُفْسِدُونَ
Para kang padha kafir sarta padha sumimpang saka dadalaning Allah, iku Ingsun bakal amuwuhi siksa ing siksané, amarga saka anggoné wus padha agawé wisuna
وَيَوْمَ نَبْعَثُ فِي كُلِّ أُمَّةٍ شَهِيدًا عَلَيْهِمْ مِنْ أَنْفُسِهِمْ ۖ وَجِئْنَا بِكَ شَهِيدًا عَلَىٰ هَٰؤُلَاءِ ۚ وَنَزَّلْنَا عَلَيْكَ الْكِتَابَ تِبْيَانًا لِكُلِّ شَيْءٍ وَهُدًى وَرَحْمَةً وَبُشْرَىٰ لِلْمُسْلِمِينَ
Lan ing dinané Ingsun bakal angadegaké sawijining saksi ing dalem siji-sijining umat tumrap marang umat iku, saka ing awaké dhéwé, sarta anekakaké sira minangka saksi tumrap marang iki – lan Ingsun wus anurunaké Kitab marang sira, anerangaké gamblang ing samuba- rang, apa déné minangka tuntunan sarta wilasa tuwin warta bubungah tumrap para sing padha sumarah

Choose other languages: