Surah An-Nahl Ayahs #91 Translated in Jawa
وَأَلْقَوْا إِلَى اللَّهِ يَوْمَئِذٍ السَّلَمَ ۖ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَا كَانُوا يَفْتَرُونَ
Lan ing dina iku dhèwèké bakal padha angunjukaké sumarah marang Allah; lan barang gawé-gawéné adaté, padha sirna saka ing dhèwèké
الَّذِينَ كَفَرُوا وَصَدُّوا عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ زِدْنَاهُمْ عَذَابًا فَوْقَ الْعَذَابِ بِمَا كَانُوا يُفْسِدُونَ
Para kang padha kafir sarta padha sumimpang saka dadalaning Allah, iku Ingsun bakal amuwuhi siksa ing siksané, amarga saka anggoné wus padha agawé wisuna
وَيَوْمَ نَبْعَثُ فِي كُلِّ أُمَّةٍ شَهِيدًا عَلَيْهِمْ مِنْ أَنْفُسِهِمْ ۖ وَجِئْنَا بِكَ شَهِيدًا عَلَىٰ هَٰؤُلَاءِ ۚ وَنَزَّلْنَا عَلَيْكَ الْكِتَابَ تِبْيَانًا لِكُلِّ شَيْءٍ وَهُدًى وَرَحْمَةً وَبُشْرَىٰ لِلْمُسْلِمِينَ
Lan ing dinané Ingsun bakal angadegaké sawijining saksi ing dalem siji-sijining umat tumrap marang umat iku, saka ing awaké dhéwé, sarta anekakaké sira minangka saksi tumrap marang iki – lan Ingsun wus anurunaké Kitab marang sira, anerangaké gamblang ing samuba- rang, apa déné minangka tuntunan sarta wilasa tuwin warta bubungah tumrap para sing padha sumarah
إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ ۚ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ
Sayekti Allah aparéntah ing tindak adil sarta agawé becik tuwin wèwèh ing krabat, apa déné anyegah ing laku nistha lan tindak dudu sarta pambaléla; Pan- jenengané amituturi sira supaya sira padha éling
وَأَوْفُوا بِعَهْدِ اللَّهِ إِذَا عَاهَدْتُمْ وَلَا تَنْقُضُوا الْأَيْمَانَ بَعْدَ تَوْكِيدِهَا وَقَدْ جَعَلْتُمُ اللَّهَ عَلَيْكُمْ كَفِيلًا ۚ إِنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ مَا تَفْعَلُونَ
Lan padha nuhonana janji- ning Allah samangsa sira janji sarta aja padha angudhari sumpah sawisé iku dikukuhaké, lan temen sira wus anjumenengaké Allah minangka tanggungan ingatasé sira; sayekti Allah angudanèni apa panggawénira
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
