Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #76 Translated in Jawa

وَاللَّهُ جَعَلَ لَكُمْ مِنْ أَنْفُسِكُمْ أَزْوَاجًا وَجَعَلَ لَكُمْ مِنْ أَزْوَاجِكُمْ بَنِينَ وَحَفَدَةً وَرَزَقَكُمْ مِنَ الطَّيِّبَاتِ ۚ أَفَبِالْبَاطِلِ يُؤْمِنُونَ وَبِنِعْمَتِ اللَّهِ هُمْ يَكْفُرُونَ
Lan Allah wus anggawèkaké jodho sira saka ing awakira, sarta amaringi sira anak lanang lan anak wadon saka ing bojonira, apa déné angrijekèni sira arupa barang kang becik-becik; apa ta marang barang goroh banjur padha angèstu sarta marang nugrahaning Allah padha angafiri
وَيَعْبُدُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَمْلِكُ لَهُمْ رِزْقًا مِنَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ شَيْئًا وَلَا يَسْتَطِيعُونَ
Lan dhèwèké padha ngawu- lani saliyané Allah, kang babar pisan ora angawasani rijeki tumrap dhèwèké saka ing langit-langit lan bumi sarta ora bisa apa-apa
فَلَا تَضْرِبُوا لِلَّهِ الْأَمْثَالَ ۚ إِنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ وَأَنْتُمْ لَا تَعْلَمُونَ
Mulané aja sira padha agawé pipindhan tumrap ing Allah; sa- yekti Allah iku angudanèni lan sira iku padha ora weruh
ضَرَبَ اللَّهُ مَثَلًا عَبْدًا مَمْلُوكًا لَا يَقْدِرُ عَلَىٰ شَيْءٍ وَمَنْ رَزَقْنَاهُ مِنَّا رِزْقًا حَسَنًا فَهُوَ يُنْفِقُ مِنْهُ سِرًّا وَجَهْرًا ۖ هَلْ يَسْتَوُونَ ۚ الْحَمْدُ لِلَّهِ ۚ بَلْ أَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُونَ
Allah adamel pipindhan sa- wijining kawula tukon, darbèké sawijining wong ora duwé pangawasa apa-apa, sarta sawiji- ning wong, kang Ingsun paringi rijeki saka ngarsa-Ningsun rijeki kang becik, lah iku dhèwèké anan- jakaké kalawan sidheman sarta kalawan ngeblak; apa ta sakaroné iku padha? panga- lembana kagunganing Allah! Ana- nging sing akèh-akèh dhèwèké padha ora weruh
وَضَرَبَ اللَّهُ مَثَلًا رَجُلَيْنِ أَحَدُهُمَا أَبْكَمُ لَا يَقْدِرُ عَلَىٰ شَيْءٍ وَهُوَ كَلٌّ عَلَىٰ مَوْلَاهُ أَيْنَمَا يُوَجِّهْهُ لَا يَأْتِ بِخَيْرٍ ۖ هَلْ يَسْتَوِي هُوَ وَمَنْ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ ۙ وَهُوَ عَلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Lan Allah agawé pipindhan wong lanang loro: kang siji bisu, ora bisa apa-apa lan dhèwèké dadi gawéning bandarané; dhèwèké dikongkon menyang ngendia baé, ora ngolèhaké becik; apa ta kena dianggep padha dhèwèké iku karo wong kang maréntahaké prakara kang ngadil sarta awaké manggon ing dalan kang bener

Choose other languages: