Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #55 Translated in Jawa

وَقَالَ اللَّهُ لَا تَتَّخِذُوا إِلَٰهَيْنِ اثْنَيْنِ ۖ إِنَّمَا هُوَ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ ۖ فَإِيَّايَ فَارْهَبُونِ
Lan Allah wus angandika: Aja padha angalap sesembahan loro, Panjenengané iku mung Sesembahan sawiji; mulané mung marang Ingsun kuduné wedinira
وَلَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَلَهُ الدِّينُ وَاصِبًا ۚ أَفَغَيْرَ اللَّهِ تَتَّقُونَ
Lan samubarang ing langit- langit lan bumi iku kagungan-É, apa déné pambangun turut kang tetep iku konjuk Panjenengané; lah apa ta sira mrayitnani saliyané Allah
وَمَا بِكُمْ مِنْ نِعْمَةٍ فَمِنَ اللَّهِ ۖ ثُمَّ إِذَا مَسَّكُمُ الضُّرُّ فَإِلَيْهِ تَجْأَرُونَ
Lan sabarang nugraha kang ing sira, lah iku saka ing Allah, sabanjuré, samangsa rekasa angenani sira, lah marang Panjenengané panyuwunira pitu- lung
ثُمَّ إِذَا كَشَفَ الضُّرَّ عَنْكُمْ إِذَا فَرِيقٌ مِنْكُمْ بِرَبِّهِمْ يُشْرِكُونَ
Sabanjuré, samangsa Panje- nengané wus ambirat rekasa iku saka ing sira, lah ing kono sira kang sapantha padha anjèjèri sekuthon ing Pangérané
لِيَكْفُرُوا بِمَا آتَيْنَاهُمْ ۚ فَتَمَتَّعُوا ۖ فَسَوْفَ تَعْلَمُونَ
Supaya dhèwèké padha anga- firi marang barang paparing-Ing- sun ing dhèwèké; lah padha sira seneng-senenga, amarga sira bakal énggal padha weruh

Choose other languages: