Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #38 Translated in Jawa

فَأَصَابَهُمْ سَيِّئَاتُ مَا عَمِلُوا وَحَاقَ بِهِمْ مَا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ
Banjur ala saka panggawé-panggawéné ange- nani dhèwèké sarta apa kang padha diguguyu anglimputi dhèwèké
وَقَالَ الَّذِينَ أَشْرَكُوا لَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا عَبَدْنَا مِنْ دُونِهِ مِنْ شَيْءٍ نَحْنُ وَلَا آبَاؤُنَا وَلَا حَرَّمْنَا مِنْ دُونِهِ مِنْ شَيْءٍ ۚ كَذَٰلِكَ فَعَلَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚ فَهَلْ عَلَى الرُّسُلِ إِلَّا الْبَلَاغُ الْمُبِينُ
Lan para kang padha anyaku- thokaké acalathu: lamun ta Allah angarsakna, ora bakal aku padha ngawulanana sawiji-wiji saliyané Panjenengané, aku, mangkono manèh bapak-bapakku, sarta ora bakal aku padha angla- rangana sawiji-wiji tanpa Panjenengané. Para ing sadurungé dhèwèké iya anglakoni kaya mangkono. Mulané apa ta pipikulané para utusan iku kajaba anekakaké ayahan kang terang
وَلَقَدْ بَعَثْنَا فِي كُلِّ أُمَّةٍ رَسُولًا أَنِ اعْبُدُوا اللَّهَ وَاجْتَنِبُوا الطَّاغُوتَ ۖ فَمِنْهُمْ مَنْ هَدَى اللَّهُ وَمِنْهُمْ مَنْ حَقَّتْ عَلَيْهِ الضَّلَالَةُ ۚ فَسِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَانْظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِينَ
Lan temen, ing siji-sijining umat Ingsun wus anjumenengaké sawijining utusan, calathuné:a Padha angawulanana Allah sarta angedohana sétan. Banjur dhèwèké ana kang olèh tuntunaning Allah lan ana kang sasar tumiba marang dhèwèké; mulané padha lalakua ana ing bumi; lah padha delengen, kapriyé kawusanané para wong kang padha anggorohaké
إِنْ تَحْرِصْ عَلَىٰ هُدَاهُمْ فَإِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي مَنْ يُضِلُّ ۖ وَمَا لَهُمْ مِنْ نَاصِرِينَ
Lamun sira angudi kumudu dhèwèké padha olèha pituduh, lah sayekti Allah iku ora aparing pituduh sapa-sapa kang anasaraké , sarta dhèwèké ora bakal padha olèh pitulung
وَأَقْسَمُوا بِاللَّهِ جَهْدَ أَيْمَانِهِمْ ۙ لَا يَبْعَثُ اللَّهُ مَنْ يَمُوتُ ۚ بَلَىٰ وَعْدًا عَلَيْهِ حَقًّا وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ
Lan dhèwèké padha sumpah kalawan asarana keras-kerasing sumpahé: Ora bakal Allah anangèkaké sapa sing wis mati. O, la, iya, ! iku sawijining janji, tetep atas Panje- nengané, nyata temenan, ananging akèh-akèhé manusa padha ora weruh

Choose other languages: