Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #34 Translated in Jawa

وَقِيلَ لِلَّذِينَ اتَّقَوْا مَاذَا أَنْزَلَ رَبُّكُمْ ۚ قَالُوا خَيْرًا ۗ لِلَّذِينَ أَحْسَنُوا فِي هَٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةٌ ۚ وَلَدَارُ الْآخِرَةِ خَيْرٌ ۚ وَلَنِعْمَ دَارُ الْمُتَّقِينَ
Lan dipangandikakaké marang para kang padha prayitna : Pangéranira wus andhawuh- aké apa? Padha calathu: Kasaénan. Para kang padha agawé becik ana ing donya iki olèh kabecikan, lan temen, padunungan ing akhirat iku luwih becik; lan temen pinunjul banget padunungané para kang padha prayitna
جَنَّاتُ عَدْنٍ يَدْخُلُونَهَا تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ ۖ لَهُمْ فِيهَا مَا يَشَاءُونَ ۚ كَذَٰلِكَ يَجْزِي اللَّهُ الْمُتَّقِينَ
Patamanan kalanggengan, dhè- wèké bakal padha malebu mrono, kali-kaliné padha mili ing jeroné; ana ing kono bakal padha olèh apa kang dikarepaké. Kaya mangkono iku pangganjaré Allah marang para kang padha prayitna
الَّذِينَ تَتَوَفَّاهُمُ الْمَلَائِكَةُ طَيِّبِينَ ۙ يَقُولُونَ سَلَامٌ عَلَيْكُمُ ادْخُلُوا الْجَنَّةَ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
Para kang padha digawé mati déning para malaikat ing dalem kahanan becik, padha calathu: Rahayu tumibaa ing sira, padha malebua patamanan, amarga saka apa kang wus padha sira lakoni
هَلْ يَنْظُرُونَ إِلَّا أَنْ تَأْتِيَهُمُ الْمَلَائِكَةُ أَوْ يَأْتِيَ أَمْرُ رَبِّكَ ۚ كَذَٰلِكَ فَعَلَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚ وَمَا ظَلَمَهُمُ اللَّهُ وَلَٰكِنْ كَانُوا أَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ
Dhèwèké padha ora angen- tèni apa-apa kajaba bakal tekané para malaikat marang dhèwèké utawa bakal tekané paréntahé Pangéranira. Kaya mangkono iku wus dilakoni para ing sadurungé dhèwèké; lan Allah iku ora anganiya dhèwèké, ana- nging dhèwèké kang wus padha anganiaya awaké dhéwé
فَأَصَابَهُمْ سَيِّئَاتُ مَا عَمِلُوا وَحَاقَ بِهِمْ مَا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ
Banjur ala saka panggawé-panggawéné ange- nani dhèwèké sarta apa kang padha diguguyu anglimputi dhèwèké

Choose other languages: