Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #20 Translated in Jawa

وَعَلَامَاتٍ ۚ وَبِالنَّجْمِ هُمْ يَهْتَدُونَ
Tuwin tenger-tenger; sarta kalawan lintang-lintang dhèwèké padha olèh dadalan bener
أَفَمَنْ يَخْلُقُ كَمَنْ لَا يَخْلُقُ ۗ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ
Lah apa Kang anitahaké iku padha karo kang ora nitahaké? Lah apa ta sira padha ora ngangen- angen
وَإِنْ تَعُدُّوا نِعْمَةَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا ۗ إِنَّ اللَّهَ لَغَفُورٌ رَحِيمٌ
Lan manawa sira amilanga nugrahaning Allah, iku ora bakal sira bisa nacahaké; sayekti Allah iku temen Aparamarta, Mahaasih
وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تُسِرُّونَ وَمَا تُعْلِنُونَ
Lan Allah iku angudanèni apa kang padha sira singidaké lan apa kang padha sira blakaké
وَالَّذِينَ يَدْعُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ لَا يَخْلُقُونَ شَيْئًا وَهُمْ يُخْلَقُونَ
Lan apa kang padha diuwuh, saliyané Allah, iku ora nitahaké apa-apa, malah padha dititahaké

Choose other languages: