Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #125 Translated in Jawa

شَاكِرًا لِأَنْعُمِهِ ۚ اجْتَبَاهُ وَهَدَاهُ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Weruh ing panarima marang nugraha-Né; Panjenengané wus amething dhèwèké sarta nuntun dhèwèké marang dalan kang bener
وَآتَيْنَاهُ فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً ۖ وَإِنَّهُ فِي الْآخِرَةِ لَمِنَ الصَّالِحِينَ
Lan Ingsun wus aparing becik marang dhèwèké ana ing donya, sarta sayekti, ana ing akhi- rat, dhèwèké temen èwoné para wong becik
ثُمَّ أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ أَنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا ۖ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِينَ
Banjur Ingsun aparing we- wedhar marang sira, angandika: Mituruta agamané Ibrahim, wong kang tulus, lan dudu èwoné para manembah-pangéran akèh
إِنَّمَا جُعِلَ السَّبْتُ عَلَى الَّذِينَ اخْتَلَفُوا فِيهِ ۚ وَإِنَّ رَبَّكَ لَيَحْكُمُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فِيمَا كَانُوا فِيهِ يَخْتَلِفُونَ
Sabbat iku dianakaké mung tumrap para kang padha sulaya ing dalem prakara iku; lan sayekti, Pangéranira, ing dina kiyamat, temen bakal amancasi antarané dhèwèké, tumrap prakara kang ing kono dhèwèké padha sulaya
ادْعُ إِلَىٰ سَبِيلِ رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْعِظَةِ الْحَسَنَةِ ۖ وَجَادِلْهُمْ بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ ۚ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ بِمَنْ ضَلَّ عَنْ سَبِيلِهِ ۖ وَهُوَ أَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِينَ
Angajaka marang dadala- ning Pangéranira kalawan kawi- caksanan sarta pitutur becik apa déné papadon karo dhèwèké kalawan laku kang luwih becik; sayekti Pangéranira iku luwih ngudanèni marang sapa kang sasar saka ing dadalan-É, sarta Panjene- ngané luwih ngudanèni marang wong kang padha miturut ing dalan bener

Choose other languages: