Surah An-Nahl Ayahs #127 Translated in Jawa
ثُمَّ أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ أَنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا ۖ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِينَ
Banjur Ingsun aparing we- wedhar marang sira, angandika: Mituruta agamané Ibrahim, wong kang tulus, lan dudu èwoné para manembah-pangéran akèh
إِنَّمَا جُعِلَ السَّبْتُ عَلَى الَّذِينَ اخْتَلَفُوا فِيهِ ۚ وَإِنَّ رَبَّكَ لَيَحْكُمُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فِيمَا كَانُوا فِيهِ يَخْتَلِفُونَ
Sabbat iku dianakaké mung tumrap para kang padha sulaya ing dalem prakara iku; lan sayekti, Pangéranira, ing dina kiyamat, temen bakal amancasi antarané dhèwèké, tumrap prakara kang ing kono dhèwèké padha sulaya
ادْعُ إِلَىٰ سَبِيلِ رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْعِظَةِ الْحَسَنَةِ ۖ وَجَادِلْهُمْ بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ ۚ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ بِمَنْ ضَلَّ عَنْ سَبِيلِهِ ۖ وَهُوَ أَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِينَ
Angajaka marang dadala- ning Pangéranira kalawan kawi- caksanan sarta pitutur becik apa déné papadon karo dhèwèké kalawan laku kang luwih becik; sayekti Pangéranira iku luwih ngudanèni marang sapa kang sasar saka ing dadalan-É, sarta Panjene- ngané luwih ngudanèni marang wong kang padha miturut ing dalan bener
وَإِنْ عَاقَبْتُمْ فَعَاقِبُوا بِمِثْلِ مَا عُوقِبْتُمْ بِهِ ۖ وَلَئِنْ صَبَرْتُمْ لَهُوَ خَيْرٌ لِلصَّابِرِينَ
Lan manawa genti gilirira, lah sira amalesa kalawan satim- bangé, apa kang ditandukaké ma- rang sira; ananging manawa sira sabar, temen iku luwih becik tumrap para kang padha sabar
وَاصْبِرْ وَمَا صَبْرُكَ إِلَّا بِاللَّهِ ۚ وَلَا تَحْزَنْ عَلَيْهِمْ وَلَا تَكُ فِي ضَيْقٍ مِمَّا يَمْكُرُونَ
Lan di sabar, sarta sabarira iku ora liya kajaba kalawan Allah, tuwin aja sira susah prakara dhèwèké, apa déné aja sira judheg ing ati saka ing anggoné padha ngrancang paékan
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
