Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #13 Translated in Jawa

وَعَلَى اللَّهِ قَصْدُ السَّبِيلِ وَمِنْهَا جَائِرٌ ۚ وَلَوْ شَاءَ لَهَدَاكُمْ أَجْمَعِينَ
Lan anuduhaké dalan bener iku ana ing Allah , sarta iku ana kang mlèncèng; lan lamun Panjenengané angarsak- na, amasthi Panjenengané anuntun ing sira kabèh
هُوَ الَّذِي أَنْزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً ۖ لَكُمْ مِنْهُ شَرَابٌ وَمِنْهُ شَجَرٌ فِيهِ تُسِيمُونَ
Panjenengané iku kang anu- runaké banyu saka ing mendhung tumrap marang sira; iku ana sing dadi ombèn-ombèn lan ana sing kanggo wit-witan, ing kono sira padha angon
يُنْبِتُ لَكُمْ بِهِ الزَّرْعَ وَالزَّيْتُونَ وَالنَّخِيلَ وَالْأَعْنَابَ وَمِنْ كُلِّ الثَّمَرَاتِ ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ
Kalawan iku Panjenengané anukulaké tanem-tuwuh kanggo marang sira sarta zaitun lan kurma- kurma tuwin anggur-anggur apa déné sarupaning wowohan; sayek- ti, ing kono iku temen ana tandha tumrap wong kang padha mikir- mikir
وَسَخَّرَ لَكُمُ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ ۖ وَالنُّجُومُ مُسَخَّرَاتٌ بِأَمْرِهِ ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَعْقِلُونَ
Lan Panjenengané wus anda- dèkaké wengi lan raina sarta srengéngé tuwin rembulan alaladi marang sira, apa déné lintang- lintang iku anggoné laladi kalawan paréntah-É; sayekti ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha angangen-angen
وَمَا ذَرَأَ لَكُمْ فِي الْأَرْضِ مُخْتَلِفًا أَلْوَانُهُ ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِقَوْمٍ يَذَّكَّرُونَ
Apa déné sabarang ules manéka-warna kang Dianakaké ing bumi tumrap marang sira; sayekti ing kono iku temen ana tandha tumrap wong kang padha angalap éling

Choose other languages: