Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #15 Translated in Jawa

يُنْبِتُ لَكُمْ بِهِ الزَّرْعَ وَالزَّيْتُونَ وَالنَّخِيلَ وَالْأَعْنَابَ وَمِنْ كُلِّ الثَّمَرَاتِ ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ
Kalawan iku Panjenengané anukulaké tanem-tuwuh kanggo marang sira sarta zaitun lan kurma- kurma tuwin anggur-anggur apa déné sarupaning wowohan; sayek- ti, ing kono iku temen ana tandha tumrap wong kang padha mikir- mikir
وَسَخَّرَ لَكُمُ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ ۖ وَالنُّجُومُ مُسَخَّرَاتٌ بِأَمْرِهِ ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَعْقِلُونَ
Lan Panjenengané wus anda- dèkaké wengi lan raina sarta srengéngé tuwin rembulan alaladi marang sira, apa déné lintang- lintang iku anggoné laladi kalawan paréntah-É; sayekti ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha angangen-angen
وَمَا ذَرَأَ لَكُمْ فِي الْأَرْضِ مُخْتَلِفًا أَلْوَانُهُ ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِقَوْمٍ يَذَّكَّرُونَ
Apa déné sabarang ules manéka-warna kang Dianakaké ing bumi tumrap marang sira; sayekti ing kono iku temen ana tandha tumrap wong kang padha angalap éling
وَهُوَ الَّذِي سَخَّرَ الْبَحْرَ لِتَأْكُلُوا مِنْهُ لَحْمًا طَرِيًّا وَتَسْتَخْرِجُوا مِنْهُ حِلْيَةً تَلْبَسُونَهَا وَتَرَى الْفُلْكَ مَوَاخِرَ فِيهِ وَلِتَبْتَغُوا مِنْ فَضْلِهِ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Lan Panjenengané iku kang andadèkaké sagara alaladi, supaya sira padha mangana daging anya- ran saka ing kono sarta padha angetokna papaès kang padha sira anggo saka ing kono, lan sira andeleng prau anyigar ing kono, apa déné supaya sira padha angupaya lubèring papa- ring-È tuwin supaya sira padha atur panuwun
وَأَلْقَىٰ فِي الْأَرْضِ رَوَاسِيَ أَنْ تَمِيدَ بِكُمْ وَأَنْهَارًا وَسُبُلًا لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُونَ
Lan Panjenengané andèkèk gunung gedhé-gedhé ing bumi, supaya iki ora oyag kalawan sira, apa déné kali-kali lan dalan-dalan supaya sira padha bener ing laku

Choose other languages: