Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Qasas Ayahs #20 Translated in Jawa

قَالَ رَبِّ إِنِّي ظَلَمْتُ نَفْسِي فَاغْفِرْ لِي فَغَفَرَ لَهُ ۚ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ
Musa banjur munjuk marang Alah, "Dhuh Pangeran kawula, sayektosipun kawula punika lepat, nganiaya dhateng badan kawula piyambak. Panjenengan mugi kersa paring pangapunten dhumateng kawula. Allah banjur kersa paring pangapunten marang Musa. Satemene Allah iku dzat kang paring pangapura tur Maha Asih
قَالَ رَبِّ بِمَا أَنْعَمْتَ عَلَيَّ فَلَنْ أَكُونَ ظَهِيرًا لِلْمُجْرِمِينَ
Musa munjuk maneh, "Dhuh Pangeran kawula, sarehning Panjenengan sampun kersa paring pangapunten saha nutupi kawula, kawula boten badhe tetulung dhateng tiyang kafir ingkang sami dosa
فَأَصْبَحَ فِي الْمَدِينَةِ خَائِفًا يَتَرَقَّبُ فَإِذَا الَّذِي اسْتَنْصَرَهُ بِالْأَمْسِ يَسْتَصْرِخُهُ ۚ قَالَ لَهُ مُوسَىٰ إِنَّكَ لَغَوِيٌّ مُبِينٌ
Musa (sawise mateni wong Qibthi) ana ing sajerone negara tansahngandhut kuwatir, mulane banget prayitnane bakmenawa nemu alangan. Dumadakan wong kang mentas ditulungi dhek wingi, (Kerengan karo wong Qibthi maneh) sesambatan nyuwun tulung marang Musa, Musa celathu duka marang wong mau, "Sira iku tetela wong luput
فَلَمَّا أَنْ أَرَادَ أَنْ يَبْطِشَ بِالَّذِي هُوَ عَدُوٌّ لَهُمَا قَالَ يَا مُوسَىٰ أَتُرِيدُ أَنْ تَقْتُلَنِي كَمَا قَتَلْتَ نَفْسًا بِالْأَمْسِ ۖ إِنْ تُرِيدُ إِلَّا أَنْ تَكُونَ جَبَّارًا فِي الْأَرْضِ وَمَا تُرِيدُ أَنْ تَكُونَ مِنَ الْمُصْلِحِينَ
Musa banjur tumandang arep ngantem marang mungsuhe mau, lan uga satrune Musa. Dheweke mula banjur matur, "Dhuh Musa! punapa panjenengan badhe mejahi dhateng kula, kados anggen panjenengan mejahi tiyang (Qibthi) kala wingi? Dados kersa panjenengan punika namung badhe nguja nepsu memejahi tiyang wonten ing bumi, boten badhe damel sae". (Nabi Musa bareng mireng pangucape wong Bani Israil mau, sangsaya banget kuwatire)
وَجَاءَ رَجُلٌ مِنْ أَقْصَى الْمَدِينَةِ يَسْعَىٰ قَالَ يَا مُوسَىٰ إِنَّ الْمَلَأَ يَأْتَمِرُونَ بِكَ لِيَقْتُلُوكَ فَاخْرُجْ إِنِّي لَكَ مِنَ النَّاصِحِينَ
Ing bageane negara ana wong lanang kang tresna marang Musa, mlaku - mlaku ana ing sajrone negara, nemoni Musa banjur matur, "Dhuh Musa! para punggawa (ing Mesir) sami ngupados panjenengan, badhe mejahi, mila sapunika enggal kula aturi kesah saking mriki. Kula punika nyahosi pamrayogi pitutur murih sae dhateng panjenengan

Choose other languages: