Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Qasas Ayahs #14 Translated in Jawa

وَأَصْبَحَ فُؤَادُ أُمِّ مُوسَىٰ فَارِغًا ۖ إِنْ كَادَتْ لَتُبْدِي بِهِ لَوْلَا أَنْ رَبَطْنَا عَلَىٰ قَلْبِهَا لِتَكُونَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ
Ibune Musa (bareng mireng menawa putrane dipanggih Fir’aun) banget bingunge, upama atine ora Ingsun taleni klawan diparingi shabar lan teguh, supaya dadiya wong kang percaya marang janjiningsun, meh bae anjerit mblakakake menawa bayi iku putrane
وَقَالَتْ لِأُخْتِهِ قُصِّيهِ ۖ فَبَصُرَتْ بِهِ عَنْ جُنُبٍ وَهُمْ لَا يَشْعُرُونَ
Ibune Musa ngakon marang Maryam sedulure Musa, "Adhimu kinthilen supaya sira sumurupa kapriye kedadeyane". Maryam banjur nginthil saka ing kadohan bae. Kabeh wong ora padha ngira (menawa iku sedulure bayi kang ditemu dening Fir’aun)
وَحَرَّمْنَا عَلَيْهِ الْمَرَاضِعَ مِنْ قَبْلُ فَقَالَتْ هَلْ أَدُلُّكُمْ عَلَىٰ أَهْلِ بَيْتٍ يَكْفُلُونَهُ لَكُمْ وَهُمْ لَهُ نَاصِحُونَ
(Saka kuasaningsun) Musa sadurunge ibune teka ora gelem disesepi sapa - sapa, ing kono Maryam matur (marang pramaisuri), "Punapa panjenengan kersa kula tedhahaken tiyang ingkang dados inya sarta ngopeni dhateng bayi punika kaliyan temen - temen?", (Maryam banjur ngundang ibune, lan Musa disesepi ibune dhewe)
فَرَدَدْنَاهُ إِلَىٰ أُمِّهِ كَيْ تَقَرَّ عَيْنُهَا وَلَا تَحْزَنَ وَلِتَعْلَمَ أَنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ
Ing dina iku Musa Ingsun balakake marang tangane ibune, supaya ibune anyepa pandelenge, lan ilanga susahe sarta Sumurupa menawa janjine Allah iku nyata lan bener. Nanging wong akeh padha ora sumurp. (Menawa iki ibune Musa pikantuk perjanjiyane Allah lan ing sawijining dina Musa kaluputan marang Fir’aun, nganti Musa ditundhung banjur lunga adoh)
وَلَمَّا بَلَغَ أَشُدَّهُ وَاسْتَوَىٰ آتَيْنَاهُ حُكْمًا وَعِلْمًا ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ
Bareng Musa wis dhewasa lan wis cukup umure, Ingsun paringi kawicaksanan lan ilmu. Kaya mangkono uga Ingsun angganjar marang para wong mukmin kang padha tumindak kabecikan

Choose other languages: