Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Qamar Ayahs #30 Translated in Jawa

سَيَعْلَمُونَ غَدًا مَنِ الْكَذَّابُ الْأَشِرُ
Besuk ing akherat bakal weruh nyatane sapa kang gumedhe lan tukang goroh
إِنَّا مُرْسِلُو النَّاقَةِ فِتْنَةً لَهُمْ فَارْتَقِبْهُمْ وَاصْطَبِرْ
Sejatine Ingsun bakal ngirimake onta wadon minangka tandha yekti lan panyoba, kanggo wong Tsamud. Saiki (Shalih) narimoha wae titenana piye
وَنَبِّئْهُمْ أَنَّ الْمَاءَ قِسْمَةٌ بَيْنَهُمْ ۖ كُلُّ شِرْبٍ مُحْتَضَرٌ
Wong Tsamud padha dhawuhana anane banyu iku didumake marang onta lan dheweke, Kabeh padha kena gilirane. (sakdine kanggo wong Tsamud lan sedina maneh ontane)
فَنَادَوْا صَاحِبَهُمْ فَتَعَاطَىٰ فَعَقَرَ
Dheweke wong Tsamud banjur ngundang kancane nedya mateni. Onta mau banjur dicekel banjur dipateni
فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِي وَنُذُرِ
Kepriye ta kahanane wewaden lan siksaningsun

Choose other languages: