Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Qamar Ayahs #29 Translated in Jawa

أَأُلْقِيَ الذِّكْرُ عَلَيْهِ مِنْ بَيْنِنَا بَلْ هُوَ كَذَّابٌ أَشِرٌ
Apa dhawuhing Allah mung didhawuake marang wong siji (Sholih wae) liyane ora diparingi dhawuh? Tetela Sholih iku tukang goroh lan gumedhe
سَيَعْلَمُونَ غَدًا مَنِ الْكَذَّابُ الْأَشِرُ
Besuk ing akherat bakal weruh nyatane sapa kang gumedhe lan tukang goroh
إِنَّا مُرْسِلُو النَّاقَةِ فِتْنَةً لَهُمْ فَارْتَقِبْهُمْ وَاصْطَبِرْ
Sejatine Ingsun bakal ngirimake onta wadon minangka tandha yekti lan panyoba, kanggo wong Tsamud. Saiki (Shalih) narimoha wae titenana piye
وَنَبِّئْهُمْ أَنَّ الْمَاءَ قِسْمَةٌ بَيْنَهُمْ ۖ كُلُّ شِرْبٍ مُحْتَضَرٌ
Wong Tsamud padha dhawuhana anane banyu iku didumake marang onta lan dheweke, Kabeh padha kena gilirane. (sakdine kanggo wong Tsamud lan sedina maneh ontane)
فَنَادَوْا صَاحِبَهُمْ فَتَعَاطَىٰ فَعَقَرَ
Dheweke wong Tsamud banjur ngundang kancane nedya mateni. Onta mau banjur dicekel banjur dipateni

Choose other languages: