Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Munafiqoon Ayahs #7 Translated in Jawa

ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ آمَنُوا ثُمَّ كَفَرُوا فَطُبِعَ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ فَهُمْ لَا يَفْقَهُونَ
Anggone hala mau marga padha percya ing Allah, nanging banjur padha balik dadi kafir, wusana atine dikancing ora bisa kalebon iman, dadi padha ora ngerti
وَإِذَا رَأَيْتَهُمْ تُعْجِبُكَ أَجْسَامُهُمْ ۖ وَإِنْ يَقُولُوا تَسْمَعْ لِقَوْلِهِمْ ۖ كَأَنَّهُمْ خُشُبٌ مُسَنَّدَةٌ ۖ يَحْسَبُونَ كُلَّ صَيْحَةٍ عَلَيْهِمْ ۚ هُمُ الْعَدُوُّ فَاحْذَرْهُمْ ۚ قَاتَلَهُمُ اللَّهُ ۖ أَنَّىٰ يُؤْفَكُونَ
Manawa sira deleng wong lamis mau gumun dening awake becik - becik. Manawa krungun caturane gumun dening patitis tetembungane, prasasat balok sumendhe ing pager tembok. Wong lamis mau saking wedine, sadhenga suwara dikira bakal bebayani awake. Wong lamis mau sabenere asteru sira padha prayitna. Allah bakal nyirnakake wong lamis mau. Anggumunake nganti dheweke diplencengake (saka kebeneran)
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ تَعَالَوْا يَسْتَغْفِرْ لَكُمْ رَسُولُ اللَّهِ لَوَّوْا رُءُوسَهُمْ وَرَأَيْتَهُمْ يَصُدُّونَ وَهُمْ مُسْتَكْبِرُونَ
Manawa wong lamis mau padha ditimbali, "Ayo padha mrenea (iman) suoaya Rosulullah bakal nyuwunake pangapuraning Allah marang kowe". Wong lamis mau padha gedhek wae, sira deleng padha malengos atine gumedhe
سَوَاءٌ عَلَيْهِمْ أَسْتَغْفَرْتَ لَهُمْ أَمْ لَمْ تَسْتَغْفِرْ لَهُمْ لَنْ يَغْفِرَ اللَّهُ لَهُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ
Wong lamis mau sanadiyan sira suwunake pangapura utawa ora padha wae. Allah ora kersa ngapura marang dheweke. Satemene Allah ora kersa nuduhake dalan ener marang wong kafir
هُمُ الَّذِينَ يَقُولُونَ لَا تُنْفِقُوا عَلَىٰ مَنْ عِنْدَ رَسُولِ اللَّهِ حَتَّىٰ يَنْفَضُّوا ۗ وَلِلَّهِ خَزَائِنُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَلَٰكِنَّ الْمُنَافِقِينَ لَا يَفْقَهُونَ
Hiya iku wong kang padha ngucap (marang wong Anshor) mangkene, "Aja padha weweh marang wong kang dadi kancane Rosulullah (Muhajirin) kajaba yen wis pisah". Gudhang pasimpenan ing langit lan bumi iku kagungane Allah. Nanging para wong lamis padha ora ngerti

Choose other languages: