Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Munafiqoon Ayahs #10 Translated in Jawa

سَوَاءٌ عَلَيْهِمْ أَسْتَغْفَرْتَ لَهُمْ أَمْ لَمْ تَسْتَغْفِرْ لَهُمْ لَنْ يَغْفِرَ اللَّهُ لَهُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ
Wong lamis mau sanadiyan sira suwunake pangapura utawa ora padha wae. Allah ora kersa ngapura marang dheweke. Satemene Allah ora kersa nuduhake dalan ener marang wong kafir
هُمُ الَّذِينَ يَقُولُونَ لَا تُنْفِقُوا عَلَىٰ مَنْ عِنْدَ رَسُولِ اللَّهِ حَتَّىٰ يَنْفَضُّوا ۗ وَلِلَّهِ خَزَائِنُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَلَٰكِنَّ الْمُنَافِقِينَ لَا يَفْقَهُونَ
Hiya iku wong kang padha ngucap (marang wong Anshor) mangkene, "Aja padha weweh marang wong kang dadi kancane Rosulullah (Muhajirin) kajaba yen wis pisah". Gudhang pasimpenan ing langit lan bumi iku kagungane Allah. Nanging para wong lamis padha ora ngerti
يَقُولُونَ لَئِنْ رَجَعْنَا إِلَى الْمَدِينَةِ لَيُخْرِجَنَّ الْأَعَزُّ مِنْهَا الْأَذَلَّ ۚ وَلِلَّهِ الْعِزَّةُ وَلِرَسُولِهِ وَلِلْمُؤْمِنِينَ وَلَٰكِنَّ الْمُنَافِقِينَ لَا يَعْلَمُونَ
Wong lamis mau pahdha uga kondha, "Manawa aku gelem bali marang Madinah, mesthi wong sing kuwat bakal ngusir wong sing ringkih". Weruha, kamulyan lan kemenangan iku kagungane Allah lan utusane apa dene wong Mukmin. Nanging mangkini iku wong lamis padha ora weruh
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تُلْهِكُمْ أَمْوَالُكُمْ وَلَا أَوْلَادُكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللَّهِ ۚ وَمَنْ يَفْعَلْ ذَٰلِكَ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ
Para mukmin! Anggonira ngopeni bandhanira utawa anakira aja nganthi ngalahake anggonira eling ing Allah, sing sapa nglakoni mangkono mau tetep wong kapitunan
وَأَنْفِقُوا مِنْ مَا رَزَقْنَاكُمْ مِنْ قَبْلِ أَنْ يَأْتِيَ أَحَدَكُمُ الْمَوْتُ فَيَقُولَ رَبِّ لَوْلَا أَخَّرْتَنِي إِلَىٰ أَجَلٍ قَرِيبٍ فَأَصَّدَّقَ وَأَكُنْ مِنَ الصَّالِحِينَ
Lan padha wewehana barang kang wis Ingsun paringake marang sira mumpung durung mati. Yen nganti tekan mangsane mati sira mesthi munjuk, "Pangeran kula! Kula punika panjenengan srantosaken sakedhap kemawon kawula badhe mewehaken bondha kawula, saha badhe dados tiyang sahe

Choose other languages: