Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Munafiqoon Ayahs #5 Translated in Jawa

إِذَا جَاءَكَ الْمُنَافِقُونَ قَالُوا نَشْهَدُ إِنَّكَ لَرَسُولُ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ يَعْلَمُ إِنَّكَ لَرَسُولُهُ وَاللَّهُ يَشْهَدُ إِنَّ الْمُنَافِقِينَ لَكَاذِبُونَ
(Muhammad) manawa wong lamis padha sowan marang sira lan matur, "Kula sami nekseni panjenengan punika temen utusane Allah". Allah Nyekseni yen kandhane wong lamis mau satemene goroh. Allah nguningani yen sira temen utusane Allah
اتَّخَذُوا أَيْمَانَهُمْ جُنَّةً فَصَدُّوا عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ ۚ إِنَّهُمْ سَاءَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Wong lamis mau wani sumpah dianggo ngaling - ngalingi (bandha lan nyawane). Tumuli dheweke ngalang - ngalangi (manungsa) ana ing dalaning ALlah (Islam) wong lamis mau ala temen kang padha dilakoni
ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ آمَنُوا ثُمَّ كَفَرُوا فَطُبِعَ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ فَهُمْ لَا يَفْقَهُونَ
Anggone hala mau marga padha percya ing Allah, nanging banjur padha balik dadi kafir, wusana atine dikancing ora bisa kalebon iman, dadi padha ora ngerti
وَإِذَا رَأَيْتَهُمْ تُعْجِبُكَ أَجْسَامُهُمْ ۖ وَإِنْ يَقُولُوا تَسْمَعْ لِقَوْلِهِمْ ۖ كَأَنَّهُمْ خُشُبٌ مُسَنَّدَةٌ ۖ يَحْسَبُونَ كُلَّ صَيْحَةٍ عَلَيْهِمْ ۚ هُمُ الْعَدُوُّ فَاحْذَرْهُمْ ۚ قَاتَلَهُمُ اللَّهُ ۖ أَنَّىٰ يُؤْفَكُونَ
Manawa sira deleng wong lamis mau gumun dening awake becik - becik. Manawa krungun caturane gumun dening patitis tetembungane, prasasat balok sumendhe ing pager tembok. Wong lamis mau saking wedine, sadhenga suwara dikira bakal bebayani awake. Wong lamis mau sabenere asteru sira padha prayitna. Allah bakal nyirnakake wong lamis mau. Anggumunake nganti dheweke diplencengake (saka kebeneran)
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ تَعَالَوْا يَسْتَغْفِرْ لَكُمْ رَسُولُ اللَّهِ لَوَّوْا رُءُوسَهُمْ وَرَأَيْتَهُمْ يَصُدُّونَ وَهُمْ مُسْتَكْبِرُونَ
Manawa wong lamis mau padha ditimbali, "Ayo padha mrenea (iman) suoaya Rosulullah bakal nyuwunake pangapuraning Allah marang kowe". Wong lamis mau padha gedhek wae, sira deleng padha malengos atine gumedhe

Choose other languages: