Surah Al-Mumenoon Ayahs #47 Translated in Jawa
مَا تَسْبِقُ مِنْ أُمَّةٍ أَجَلَهَا وَمَا يَسْتَأْخِرُونَ
Ora ana sawijining ummat kang bisa andhisiki ajale lan ora bisa ngundurake
ثُمَّ أَرْسَلْنَا رُسُلَنَا تَتْرَىٰ ۖ كُلَّ مَا جَاءَ أُمَّةً رَسُولُهَا كَذَّبُوهُ ۚ فَأَتْبَعْنَا بَعْضَهُمْ بَعْضًا وَجَعَلْنَاهُمْ أَحَادِيثَ ۚ فَبُعْدًا لِقَوْمٍ لَا يُؤْمِنُونَ
Sakwise iku, Ingsun banjur ngutus para rosul gilir-gumanti. Saben ana rosul nerangake marang ummate, para ummat mau padha anggorohake marang rasule. Mulane para ummat mau iya banjur Ingsun rusak (kaya ummat kang wis dhisik) sarta sejarahe Ingsun dadekake tuladan minangka pepenget marang ummat kang kari, wong kang ora iman padha adoh saka rohmate Allah
ثُمَّ أَرْسَلْنَا مُوسَىٰ وَأَخَاهُ هَارُونَ بِآيَاتِنَا وَسُلْطَانٍ مُبِينٍ
Ingsun banjur ngutus Musa lan sedulure aran Harun kanthi tandha yekti lan keterangan kang nyata
إِلَىٰ فِرْعَوْنَ وَمَلَئِهِ فَاسْتَكْبَرُوا وَكَانُوا قَوْمًا عَالِينَ
Rawuh marang Fir’aun dalah para punggawane. Nanging dheweke iku padha nggumedhe sarta kumalungkung
فَقَالُوا أَنُؤْمِنُ لِبَشَرَيْنِ مِثْلِنَا وَقَوْمُهُمَا لَنَا عَابِدُونَ
Fir’aun sak punggawane padha ngucap, "Ya gene aku gelem percaya marang wong loro kang padha wae karo aku, tur kaume (yaiku wong bani Israil) padha kumawula marang aku
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
