Surah Al-Mumenoon Ayahs #23 Translated in Jawa
فَأَنْشَأْنَا لَكُمْ بِهِ جَنَّاتٍ مِنْ نَخِيلٍ وَأَعْنَابٍ لَكُمْ فِيهَا فَوَاكِهُ كَثِيرَةٌ وَمِنْهَا تَأْكُلُونَ
Banyu udan mau banjur Ingsun anggo nukulake wit - witan isen - isening pakebonan pirang - pirang kayata: kurma lan anggur lan liya - liyane. Sira padha bisa ngundhuh lan mangan woh - wohan pirang - pirang kang werna - werna ana ing pakebonan mau
وَشَجَرَةً تَخْرُجُ مِنْ طُورِ سَيْنَاءَ تَنْبُتُ بِالدُّهْنِ وَصِبْغٍ لِلْآكِلِينَ
Lan Ingsun uga nukulake wit zaitun, kang thukul ana ing gunung Thur-Sina, kang ngetokake lengo kanggo lawuh tumrap wong kang mangan (kena digawe mulas minangka rerengganing panggonan)
وَإِنَّ لَكُمْ فِي الْأَنْعَامِ لَعِبْرَةً ۖ نُسْقِيكُمْ مِمَّا فِي بُطُونِهَا وَلَكُمْ فِيهَا مَنَافِعُ كَثِيرَةٌ وَمِنْهَا تَأْكُلُونَ
Lan satemene raja kaya iku piwulang (ibarat) tumrap sira kabeh. Ingsun paring pangomben (powan) sira kabeh saka barang kang ana ing wetenge, lan raja kaya iku akeh maneh kemanfa’atane tumrap sira, lan sawenehe ana kang sira pangan
وَعَلَيْهَا وَعَلَى الْفُلْكِ تُحْمَلُونَ
Raja-kaya mau ana ing dharatan, ora beda karo perahu ana ing segara, kabeh padha kena sira tunggangi lan sira momoti gegawanira
وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا نُوحًا إِلَىٰ قَوْمِهِ فَقَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُمْ مِنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ أَفَلَا تَتَّقُونَ
Lan temen Ingsun wis ngutus Nuh, Ingsun kersakake mulang para kaume. Nuh banjur paring pangandika, "He para Ummatingsun. Sira padha manembaha marang ALlah, jalaran sira kabeh ora duwe pangeran kang wajib disembah kajaba mung Panjenengane piyambak. Apa sira ora padha wedi marang siksane menawa sira manembah saliyane Panjenengane
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
