Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mulk Ayahs #24 Translated in Jawa

أَمَّنْ هَٰذَا الَّذِي هُوَ جُنْدٌ لَكُمْ يَنْصُرُكُمْ مِنْ دُونِ الرَّحْمَٰنِ ۚ إِنِ الْكَافِرُونَ إِلَّا فِي غُرُورٍ
Apa brahala iki kang dikira dadi kancamu, bakal bisa nulungi bisa murungake siksane Allah, kang bisa nulungi dudu Paneran kang Maha Murah? Panemune si kafir iku tetela kajelomprong
أَمَّنْ هَٰذَا الَّذِي يَرْزُقُكُمْ إِنْ أَمْسَكَ رِزْقَهُ ۚ بَلْ لَجُّوا فِي عُتُوٍّ وَنُفُورٍ
Manawa Allah ora kapareng paring rizki, apa brahala bisa weh rizki marang sira? Dheweke malah saya tambah anggone gumedhe lan nasar
أَفَمَنْ يَمْشِي مُكِبًّا عَلَىٰ وَجْهِهِ أَهْدَىٰ أَمَّنْ يَمْشِي سَوِيًّا عَلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Wong wuta mlaku tumungkul, iku apa luwih weruh ing dalan bener ngungkuli wong kang ora wuta kang anggone mlaku jejeg
قُلْ هُوَ الَّذِي أَنْشَأَكُمْ وَجَعَلَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْأَبْصَارَ وَالْأَفْئِدَةَ ۖ قَلِيلًا مَا تَشْكُرُونَ
(Muhammad) Dhawuha, "Allah iku kang agawe awak ira sarta maringi pangrungu lan pandeleng apadene pikiran ewadene kang ngunjukake panuwun mung sathitik
قُلْ هُوَ الَّذِي ذَرَأَكُمْ فِي الْأَرْضِ وَإِلَيْهِ تُحْشَرُونَ
(Muhammad) Dhawuha, "Allah kang gawe awak ira sarta paring panggonan ana ing bumi, ing tembe sira padha dikelumpukake marang ngarsane Allah

Choose other languages: