Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #36 Translated in Jawa

مِنْ أَجْلِ ذَٰلِكَ كَتَبْنَا عَلَىٰ بَنِي إِسْرَائِيلَ أَنَّهُ مَنْ قَتَلَ نَفْسًا بِغَيْرِ نَفْسٍ أَوْ فَسَادٍ فِي الْأَرْضِ فَكَأَنَّمَا قَتَلَ النَّاسَ جَمِيعًا وَمَنْ أَحْيَاهَا فَكَأَنَّمَا أَحْيَا النَّاسَ جَمِيعًا ۚ وَلَقَدْ جَاءَتْهُمْ رُسُلُنَا بِالْبَيِّنَاتِ ثُمَّ إِنَّ كَثِيرًا مِنْهُمْ بَعْدَ ذَٰلِكَ فِي الْأَرْضِ لَمُسْرِفُونَ
Amarga saka mangkono iku, Ingsun anamtokaké ing angger ma- rang para turun Israil, sapa-sapa sing amatèni jiwa ora jalaran jiwa utawa agawé wisuna ing bumi, lah iku kaya amatèni manusa kabèh; lan sapa sing anguripi jiwa, lah iku kaya nguripi manusa kabèh lan sayekti temen wis tu- meka para utusan-Ingsun marang dhèwèké kalawan tandha-tandha yekti, ananging akèh-akèhé, ana ing bumi padha keladuk tindaké
إِنَّمَا جَزَاءُ الَّذِينَ يُحَارِبُونَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَيَسْعَوْنَ فِي الْأَرْضِ فَسَادًا أَنْ يُقَتَّلُوا أَوْ يُصَلَّبُوا أَوْ تُقَطَّعَ أَيْدِيهِمْ وَأَرْجُلُهُمْ مِنْ خِلَافٍ أَوْ يُنْفَوْا مِنَ الْأَرْضِ ۚ ذَٰلِكَ لَهُمْ خِزْيٌ فِي الدُّنْيَا ۖ وَلَهُمْ فِي الْآخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيمٌ
Pidanané para kang padha amerangi Allah lan utusan-É sarta padha anindakaké agawé wisuna ing bumi iku kang mesthi kudu padha dipatèni utawa padha di- penthèng utawa dikethok tangané lan sikilé aseling sisih, utawa dikunjara; mangkéné iki mi- nangka pangina tumrap dhèwèké ana ing bumi, lan ana ing akhirat bakal olèh siksa kang gedhé
إِلَّا الَّذِينَ تَابُوا مِنْ قَبْلِ أَنْ تَقْدِرُوا عَلَيْهِمْ ۖ فَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Kajaba para kang padha tobat ing sadurungé dhèwèké padha ana ing kuwasanira; mulané padha weruha, yèn Allah iku Aparamarta, Mahaasih
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَابْتَغُوا إِلَيْهِ الْوَسِيلَةَ وَجَاهِدُوا فِي سَبِيلِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
É, para kang padha angèstu! Padha di bekti ing Allah sarta angupayaa lantaran kang marekaké marang Panjenengané tuwin padha nyrempenga ing dadalan-É, supaya sira padha begja
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْ أَنَّ لَهُمْ مَا فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا وَمِثْلَهُ مَعَهُ لِيَفْتَدُوا بِهِ مِنْ عَذَابِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ مَا تُقُبِّلَ مِنْهُمْ ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ
Sayekti para kang padha kafir, sanajan ta padha andar- bénana sabarang kang ana ing bumi kabèh, sarta samono engkas, iku padha dienggoa nebusi siksa ing dina kiyamat: ora bakal padha kinabulaké, lan bakal padha olèh siksa kang nglarani

Choose other languages: