Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Jathiya Ayahs #30 Translated in Jawa

قُلِ اللَّهُ يُحْيِيكُمْ ثُمَّ يُمِيتُكُمْ ثُمَّ يَجْمَعُكُمْ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ لَا رَيْبَ فِيهِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ
(Muhammad) dhawuha, "Allah nguripake lan mateni sira kabeh, besuk bakal dikumpulake ing dina Qiyamat kang ora sumelang maneh. Hewa dene manungsa akeh kang ora weruh mangkono mau
وَلِلَّهِ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَيَوْمَ تَقُومُ السَّاعَةُ يَوْمَئِذٍ يَخْسَرُ الْمُبْطِلُونَ
Karaton bumi lan langit mau kagungane Allah, ing besuk dina Qiyamat wong kafir padha kapitunan
وَتَرَىٰ كُلَّ أُمَّةٍ جَاثِيَةً ۚ كُلُّ أُمَّةٍ تُدْعَىٰ إِلَىٰ كِتَابِهَا الْيَوْمَ تُجْزَوْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
Ing dina iku sira padha deleng sarupaning ummat padha jengkeng ngenteni karampungan perkarane sebagian padha dikon deleng cathetan lakune dhewe - dhewe. Ing dina iku sira padha tampa walese barang kang wis dilakoni
هَٰذَا كِتَابُنَا يَنْطِقُ عَلَيْكُمْ بِالْحَقِّ ۚ إِنَّا كُنَّا نَسْتَنْسِخُ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
(Pangandikaning Allah): "Cathetan iki dadi seksi kang anggelarake samu barang kang wis padha sira lakoni ana ing donya kelawan lugu. Ingsun netepake barang kang wis padha sira lakoni
فَأَمَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ فَيُدْخِلُهُمْ رَبُّهُمْ فِي رَحْمَتِهِ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْمُبِينُ
Para mukmin kang nglakoni panggawe becik kersane Pangeran padha dilebokake panggonan rahmate hiya iku suwarga. Kang mangkono mau tetela kabegjan gedhe

Choose other languages: