Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Jathiya Ayahs #25 Translated in Jawa

أَمْ حَسِبَ الَّذِينَ اجْتَرَحُوا السَّيِّئَاتِ أَنْ نَجْعَلَهُمْ كَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ سَوَاءً مَحْيَاهُمْ وَمَمَاتُهُمْ ۚ سَاءَ مَا يَحْكُمُونَ
Wong kang nglakoni pihala duwe pangira yen bakal Ingsun gawe padha karo wong kang percaya lan nglakoni panggawe becik. Uripa ana donya iki dikira padha wae karu besuk yen wis mati. Hala temen panemune wong kafir mau
وَخَلَقَ اللَّهُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ بِالْحَقِّ وَلِتُجْزَىٰ كُلُّ نَفْسٍ بِمَا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ
Allah gawe bumi lan langit kanthi tujuan kang bener, lan supaya tumanduking wewales marang siji - sijining awak menurut lakune (hala utawa becik) lan ing kono ora ana wong kena ing penganiaya
أَفَرَأَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ إِلَٰهَهُ هَوَاهُ وَأَضَلَّهُ اللَّهُ عَلَىٰ عِلْمٍ وَخَتَمَ عَلَىٰ سَمْعِهِ وَقَلْبِهِ وَجَعَلَ عَلَىٰ بَصَرِهِ غِشَاوَةً فَمَنْ يَهْدِيهِ مِنْ بَعْدِ اللَّهِ ۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ
Kapriye panemunira, mungguh wong kang mangeran marang karepe dhewe sarta dikarsakake sasar dening Allah kanthi adhedhasar kaweruhe, lan Allah wis ngunci pangrungune lan atine ora krungu lan ora weruh pituduh bener. Pandelenge dipetengake Allah. Sarehne disasarake dening Allah sapata kang kaconggah nuduhake dalan bener. Apa padha ora bisa oleh wulang saka ayat iki
وَقَالُوا مَا هِيَ إِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا نَمُوتُ وَنَحْيَا وَمَا يُهْلِكُنَا إِلَّا الدَّهْرُ ۚ وَمَا لَهُمْ بِذَٰلِكَ مِنْ عِلْمٍ ۖ إِنْ هُمْ إِلَّا يَظُنُّونَ
Wong kang padha maido bakal uripe wong kang wis padha mati padha ngucap, "Urip iku hiya mung uripku ana donya iki, aku bakal mati, nanging hiya ana kang lahir nyambungi urupe owng kang wis mati. Dadi kang ngrusak aku kajaba lawase mongso". Pangucape wong kafir mangkono mau tanpa wewaton mung saka gagasane wae
وَإِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ آيَاتُنَا بَيِّنَاتٍ مَا كَانَ حُجَّتَهُمْ إِلَّا أَنْ قَالُوا ائْتُوا بِآبَائِنَا إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Wong kafir mau manawa diwacakake al-Quran ayatingsun kelawan cetha, padune ora ana maneh ngucap, "Yen kandhamu wong kang wis mati bakal urip maneh iku temen, uripana para biyungku kang wis padha mati

Choose other languages: