Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Jathiya Ayahs #22 Translated in Jawa

ثُمَّ جَعَلْنَاكَ عَلَىٰ شَرِيعَةٍ مِنَ الْأَمْرِ فَاتَّبِعْهَا وَلَا تَتَّبِعْ أَهْوَاءَ الَّذِينَ لَا يَعْلَمُونَ
(Muhammad) Sira banjur Ingsun kersakake mengki syare’at (agama) dhewe bab urusan laku - lakuning agama (Islam) mau, sira manuta aja manut karepe wong kang ora weruh
إِنَّهُمْ لَنْ يُغْنُوا عَنْكَ مِنَ اللَّهِ شَيْئًا ۚ وَإِنَّ الظَّالِمِينَ بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاءُ بَعْضٍ ۖ وَاللَّهُ وَلِيُّ الْمُتَّقِينَ
Wong kafir mau ora bisa nulak siksane Allah marang sira sethithik wae, sarupane wong kafir memitran karo kancane. Dene Allah iku paring pitulung marang para wong Mukmin
هَٰذَا بَصَائِرُ لِلنَّاسِ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِقَوْمٍ يُوقِنُونَ
Al-Quran iki isi kaweruh lan pituduh marang manungsa lan dadi rahmat marang wong kang padha ngandhel
أَمْ حَسِبَ الَّذِينَ اجْتَرَحُوا السَّيِّئَاتِ أَنْ نَجْعَلَهُمْ كَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ سَوَاءً مَحْيَاهُمْ وَمَمَاتُهُمْ ۚ سَاءَ مَا يَحْكُمُونَ
Wong kang nglakoni pihala duwe pangira yen bakal Ingsun gawe padha karo wong kang percaya lan nglakoni panggawe becik. Uripa ana donya iki dikira padha wae karu besuk yen wis mati. Hala temen panemune wong kafir mau
وَخَلَقَ اللَّهُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ بِالْحَقِّ وَلِتُجْزَىٰ كُلُّ نَفْسٍ بِمَا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ
Allah gawe bumi lan langit kanthi tujuan kang bener, lan supaya tumanduking wewales marang siji - sijining awak menurut lakune (hala utawa becik) lan ing kono ora ana wong kena ing penganiaya

Choose other languages: