Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Jathiya Ayahs #20 Translated in Jawa

وَلَقَدْ آتَيْنَا بَنِي إِسْرَائِيلَ الْكِتَابَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ وَرَزَقْنَاهُمْ مِنَ الطَّيِّبَاتِ وَفَضَّلْنَاهُمْ عَلَى الْعَالَمِينَ
Ingsun wis maringi kitab (Taurat) marang para turuning Israil lan diwenangake ngukumi pasulayane manungsa diparingi pangkat nabi (Musa lan Harun), diparingi rizki kang ngresepake sarta digawe punjul ngungkuli wong sajagad
وَآتَيْنَاهُمْ بَيِّنَاتٍ مِنَ الْأَمْرِ ۖ فَمَا اخْتَلَفُوا إِلَّا مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًا بَيْنَهُمْ ۚ إِنَّ رَبَّكَ يَقْضِي بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فِيمَا كَانُوا فِيهِ يَخْتَلِفُونَ
Wong Bani Israil mau diparingi keterangan akeh bab agama mula dheweke ora pasulayan kajaba sawise katekan kaweruh nanging atine balela drengki, Ing besuk dina qiyamat Allah Pangeranira ngadili anggone pasulayan
ثُمَّ جَعَلْنَاكَ عَلَىٰ شَرِيعَةٍ مِنَ الْأَمْرِ فَاتَّبِعْهَا وَلَا تَتَّبِعْ أَهْوَاءَ الَّذِينَ لَا يَعْلَمُونَ
(Muhammad) Sira banjur Ingsun kersakake mengki syare’at (agama) dhewe bab urusan laku - lakuning agama (Islam) mau, sira manuta aja manut karepe wong kang ora weruh
إِنَّهُمْ لَنْ يُغْنُوا عَنْكَ مِنَ اللَّهِ شَيْئًا ۚ وَإِنَّ الظَّالِمِينَ بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاءُ بَعْضٍ ۖ وَاللَّهُ وَلِيُّ الْمُتَّقِينَ
Wong kafir mau ora bisa nulak siksane Allah marang sira sethithik wae, sarupane wong kafir memitran karo kancane. Dene Allah iku paring pitulung marang para wong Mukmin
هَٰذَا بَصَائِرُ لِلنَّاسِ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِقَوْمٍ يُوقِنُونَ
Al-Quran iki isi kaweruh lan pituduh marang manungsa lan dadi rahmat marang wong kang padha ngandhel

Choose other languages: