Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Jathiya Ayahs #16 Translated in Jawa

اللَّهُ الَّذِي سَخَّرَ لَكُمُ الْبَحْرَ لِتَجْرِيَ الْفُلْكُ فِيهِ بِأَمْرِهِ وَلِتَبْتَغُوا مِنْ فَضْلِهِ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Allah iku kang nelukake segara mulane perahu bisa mlaku ana segara kelawan parentahe Allah, lan sira bisa ngupaya sih kanugrahaning Allah rizki sarana dagang pelayaran supaya bisa syukur
وَسَخَّرَ لَكُمْ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا مِنْهُ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ
Lan maneh Allah nelukake isen - isene bumi lan langit kabeh marang sira.Kang mangkono iku tumrap wong kang gelem nganggo pikire dadi tondho yekti gedhe
قُلْ لِلَّذِينَ آمَنُوا يَغْفِرُوا لِلَّذِينَ لَا يَرْجُونَ أَيَّامَ اللَّهِ لِيَجْزِيَ قَوْمًا بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
Dhawuha marang para mukmin padha apuranen para kafir kang padha ora wedi dinane Allah. Yaiku dina horeg - horegan. Karsane Allah arep ganjar para mukmin (anggone padha shabar) kang wis ditindakake
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ أَسَاءَ فَعَلَيْهَا ۖ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّكُمْ تُرْجَعُونَ
Sing sapa nglakoni penggawe becik ganjarane bakal dimpani awake dhewe, sing sapa wonge nglakone pihala patrapane hiya disangga dhewe, tumuli sira kabeh bakal sowan marang ngarsane Pangeran
وَلَقَدْ آتَيْنَا بَنِي إِسْرَائِيلَ الْكِتَابَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ وَرَزَقْنَاهُمْ مِنَ الطَّيِّبَاتِ وَفَضَّلْنَاهُمْ عَلَى الْعَالَمِينَ
Ingsun wis maringi kitab (Taurat) marang para turuning Israil lan diwenangake ngukumi pasulayane manungsa diparingi pangkat nabi (Musa lan Harun), diparingi rizki kang ngresepake sarta digawe punjul ngungkuli wong sajagad

Choose other languages: