Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #87 Translated in Jawa

وَإِذَا أَنْعَمْنَا عَلَى الْإِنْسَانِ أَعْرَضَ وَنَأَىٰ بِجَانِبِهِ ۖ وَإِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ كَانَ يَئُوسًا
Lan menawa Ingsun paring kenikmatan marang manungsa, dheweke padha mlengos ora eling marang Ingsun, sarta ngedohake awake (saka seneng marang Ingsun). Lan menawa dheweke padha ketaman ala, banjur padha mutung (nglokro) saka rahmate Allah
قُلْ كُلٌّ يَعْمَلُ عَلَىٰ شَاكِلَتِهِ فَرَبُّكُمْ أَعْلَمُ بِمَنْ هُوَ أَهْدَىٰ سَبِيلًا
Sira dhawuha, kabeh padha nindakake miturut keresikane rohe, lan Pangeranira iku luwih ngudanenei marang wong kang luwih pikantuk pituduh dalane Allah
وَيَسْأَلُونَكَ عَنِ الرُّوحِ ۖ قُلِ الرُّوحُ مِنْ أَمْرِ رَبِّي وَمَا أُوتِيتُمْ مِنَ الْعِلْمِ إِلَّا قَلِيلًا
Lan dheweke (wong yahudi) padha pitakon marang sira bab perkara roh, sira dhawuha, "Roh iku ewoning perkara kang magepokan Allah Pangeran Ingsun. Lan sira kabeh iku ora diparingi pangertian (ilmu) kajaba mung sethithik
وَلَئِنْ شِئْنَا لَنَذْهَبَنَّ بِالَّذِي أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ ثُمَّ لَا تَجِدُ لَكَ بِهِ عَلَيْنَا وَكِيلًا
Menawa dadi keparingeing kersaningsun, yekti Ingsun ngilangake kang wis Ingsun wahyokake (turunake) marang sira saka atinira. Yen wis mengkono sira banjur ora bisa pikantuk kang dipasrahi ambalekake wahyu mau saka ngarsaningsun
إِلَّا رَحْمَةً مِنْ رَبِّكَ ۚ إِنَّ فَضْلَهُ كَانَ عَلَيْكَ كَبِيرًا
Kajaba kanthi rahmating Pangeranira. Satemene kanugrahan Pangeranira iku gedhe tumrap sira

Choose other languages: