Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #71 Translated in Jawa

وَإِذَا مَسَّكُمُ الضُّرُّ فِي الْبَحْرِ ضَلَّ مَنْ تَدْعُونَ إِلَّا إِيَّاهُ ۖ فَلَمَّا نَجَّاكُمْ إِلَى الْبَرِّ أَعْرَضْتُمْ ۚ وَكَانَ الْإِنْسَانُ كَفُورًا
Lan menawa sira kekenan kesusahan ana ing satengahing segara (kuwatir kerem), banjur tanpa guna brahala-brahala kang sira suwun-suwuni, kajaba mung nyuwun marang Panjenengane Allah piyambak. Bareng sira wis diselametake dening Panjenengane Allah bisa tekan ing daratan, sira banjur mlengos. Lan manungsa iku ora gelem syukur marang nikmate Allah
أَفَأَمِنْتُمْ أَنْ يَخْسِفَ بِكُمْ جَانِبَ الْبَرِّ أَوْ يُرْسِلَ عَلَيْكُمْ حَاصِبًا ثُمَّ لَا تَجِدُوا لَكُمْ وَكِيلًا
Apa sira duwe keyakinan bisa aman, menawa Ingsun ngamblesake sira ana ing sanding daratan, utawa Ingsun ngudani watu saka langit marang sira, sira banjur ora bisa pikantuk pitulungan
أَمْ أَمِنْتُمْ أَنْ يُعِيدَكُمْ فِيهِ تَارَةً أُخْرَىٰ فَيُرْسِلَ عَلَيْكُمْ قَاصِفًا مِنَ الرِّيحِ فَيُغْرِقَكُمْ بِمَا كَفَرْتُمْ ۙ ثُمَّ لَا تَجِدُوا لَكُمْ عَلَيْنَا بِهِ تَبِيعًا
Utawa apa sira duwe keyakinan bisa aman, yen Panjenengane bakal mbalekake sira kabeh marang segara maneh, ingkono Panjenengane banjur ngutus angin gedhe sarta ngeremake sira jalaran kekafiranira (ora gelem syukur). Nuli sira ora bisa pikantuk wong kang ngaru-biru Ingsun jalaran arep nulungi sira
وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِي آدَمَ وَحَمَلْنَاهُمْ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْنَاهُمْ مِنَ الطَّيِّبَاتِ وَفَضَّلْنَاهُمْ عَلَىٰ كَثِيرٍ مِمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيلًا
Lan temen Ingsun wis mulyakake anak turune Adam, lan Ingsun wis paring tetumpakan ana ing daratan lan segara, lan Ingsun paringi rejeki kang becik sarta wis Ingsun luwihake ngungkuli para makhluk kang wis Ingsun titahake
يَوْمَ نَدْعُو كُلَّ أُنَاسٍ بِإِمَامِهِمْ ۖ فَمَنْ أُوتِيَ كِتَابَهُ بِيَمِينِهِ فَأُولَٰئِكَ يَقْرَءُونَ كِتَابَهُمْ وَلَا يُظْلَمُونَ فَتِيلًا
(He Muhammad, sira nyritakna) ana ing dinane kabeh manungsa Ingsun timbale dalah para Pemimpin-pemimpine (ing dina Qiyamat), sing sapa diparingi kitab catetan amale saka sisih tengen, wong-wong kang mengkono iku kang pikantuk kabegjan bisa maca kitabe sarta dheweke ora padha dikaniaya sethitik-thithika

Choose other languages: