Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hujraat Ayahs #9 Translated in Jawa

وَلَوْ أَنَّهُمْ صَبَرُوا حَتَّىٰ تَخْرُجَ إِلَيْهِمْ لَكَانَ خَيْرًا لَهُمْ ۚ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Upamane wong mau sareh (sabar) ngenteni anggomu metu nemoni wong mau, luwih becik. Hewa dene Allah iku kersa ngapura tur Maha Asih
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنْ جَاءَكُمْ فَاسِقٌ بِنَبَإٍ فَتَبَيَّنُوا أَنْ تُصِيبُوا قَوْمًا بِجَهَالَةٍ فَتُصْبِحُوا عَلَىٰ مَا فَعَلْتُمْ نَادِمِينَ
Para mukmin kabeh, manawa sira katekan wong hala, nyaritakake apa - apa iku sira titi priksa kang terang temen lan gorohake. Marga iku nguwatiri, bok menawa kowe banjur kebacut ngukum wong kang satmene ora luput banjur dadekake gela marang tumindakmu
وَاعْلَمُوا أَنَّ فِيكُمْ رَسُولَ اللَّهِ ۚ لَوْ يُطِيعُكُمْ فِي كَثِيرٍ مِنَ الْأَمْرِ لَعَنِتُّمْ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ حَبَّبَ إِلَيْكُمُ الْإِيمَانَ وَزَيَّنَهُ فِي قُلُوبِكُمْ وَكَرَّهَ إِلَيْكُمُ الْكُفْرَ وَالْفُسُوقَ وَالْعِصْيَانَ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الرَّاشِدُونَ
Sira padha weruha ing kene ana utusane Allah, menawa sira manut miturut marang Rasul ing prakara akeh mesthi ora duraka. Nanging Allah remen yen sira percaya ing Allah. Allah becikake kepercayaan mau ana ing atinira. Lan ora remen yen sira kafir lan hala tandangmu lan duraka (wong kang bekti) mau aran wong kang pinter lan begja
فَضْلًا مِنَ اللَّهِ وَنِعْمَةً ۚ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ
Hiya iku asih kanugrahane Allah lan peparinge kabungahan Allah iku nguningani samu barang tur wicaksana
وَإِنْ طَائِفَتَانِ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ اقْتَتَلُوا فَأَصْلِحُوا بَيْنَهُمَا ۖ فَإِنْ بَغَتْ إِحْدَاهُمَا عَلَى الْأُخْرَىٰ فَقَاتِلُوا الَّتِي تَبْغِي حَتَّىٰ تَفِيءَ إِلَىٰ أَمْرِ اللَّهِ ۚ فَإِنْ فَاءَتْ فَأَصْلِحُوا بَيْنَهُمَا بِالْعَدْلِ وَأَقْسِطُوا ۖ إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِينَ
Manawa ana wong mukmin rong golongan padha perang padha rukunna, menawa kang siji saka salah sijine rong golongan mau tumindak nganiaya marang golongan liyane iku sira perangi, nganti manut ing pirukun ngestokake parentahing Allah. Manawa wis manut banjur sira rukunna kelawan adil, satemene Allah remen wong kang padha adil

Choose other languages: