Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hujraat Ayahs #8 Translated in Jawa

إِنَّ الَّذِينَ يُنَادُونَكَ مِنْ وَرَاءِ الْحُجُرَاتِ أَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُونَ
Satemene wong kang wani - wani ngundang marang sira saka jaban kamar, iku kang akeh wong ora genep akale
وَلَوْ أَنَّهُمْ صَبَرُوا حَتَّىٰ تَخْرُجَ إِلَيْهِمْ لَكَانَ خَيْرًا لَهُمْ ۚ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Upamane wong mau sareh (sabar) ngenteni anggomu metu nemoni wong mau, luwih becik. Hewa dene Allah iku kersa ngapura tur Maha Asih
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنْ جَاءَكُمْ فَاسِقٌ بِنَبَإٍ فَتَبَيَّنُوا أَنْ تُصِيبُوا قَوْمًا بِجَهَالَةٍ فَتُصْبِحُوا عَلَىٰ مَا فَعَلْتُمْ نَادِمِينَ
Para mukmin kabeh, manawa sira katekan wong hala, nyaritakake apa - apa iku sira titi priksa kang terang temen lan gorohake. Marga iku nguwatiri, bok menawa kowe banjur kebacut ngukum wong kang satmene ora luput banjur dadekake gela marang tumindakmu
وَاعْلَمُوا أَنَّ فِيكُمْ رَسُولَ اللَّهِ ۚ لَوْ يُطِيعُكُمْ فِي كَثِيرٍ مِنَ الْأَمْرِ لَعَنِتُّمْ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ حَبَّبَ إِلَيْكُمُ الْإِيمَانَ وَزَيَّنَهُ فِي قُلُوبِكُمْ وَكَرَّهَ إِلَيْكُمُ الْكُفْرَ وَالْفُسُوقَ وَالْعِصْيَانَ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الرَّاشِدُونَ
Sira padha weruha ing kene ana utusane Allah, menawa sira manut miturut marang Rasul ing prakara akeh mesthi ora duraka. Nanging Allah remen yen sira percaya ing Allah. Allah becikake kepercayaan mau ana ing atinira. Lan ora remen yen sira kafir lan hala tandangmu lan duraka (wong kang bekti) mau aran wong kang pinter lan begja
فَضْلًا مِنَ اللَّهِ وَنِعْمَةً ۚ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ
Hiya iku asih kanugrahane Allah lan peparinge kabungahan Allah iku nguningani samu barang tur wicaksana

Choose other languages: