Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hujraat Ayahs #4 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تُقَدِّمُوا بَيْنَ يَدَيِ اللَّهِ وَرَسُولِهِ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
Para mukmin kabeh, sira aja lancang pangucap lan panggawe tanpa oleh idzining Allah lan Rasule. Sira padha bektia ing Allah Allah, satemene Allah iku miyarsa tur nguningani samu barang
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَرْفَعُوا أَصْوَاتَكُمْ فَوْقَ صَوْتِ النَّبِيِّ وَلَا تَجْهَرُوا لَهُ بِالْقَوْلِ كَجَهْرِ بَعْضِكُمْ لِبَعْضٍ أَنْ تَحْبَطَ أَعْمَالُكُمْ وَأَنْتُمْ لَا تَشْعُرُونَ
Para mukmin kabeh, sira aja padha nyerokake suwara ngungkuli suwarane nabi (Muhammad). Lan manawa matur aja padha seru - seru nganti kaua serune anggonira caturan karo kancamu. Mangkono iku nguatiri bok menawa sirna lakunira kang becik tur kowe ora krasa
إِنَّ الَّذِينَ يَغُضُّونَ أَصْوَاتَهُمْ عِنْدَ رَسُولِ اللَّهِ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ امْتَحَنَ اللَّهُ قُلُوبَهُمْ لِلتَّقْوَىٰ ۚ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَأَجْرٌ عَظِيمٌ
Sarupane wong kang nglirihake suarane ana ngarsane Rasul atine dicoba dening ALlah supaya atine bekti. Wong mangkono mau oleh pangapurane dosane lan bakal tompo ganjaran gedhe
إِنَّ الَّذِينَ يُنَادُونَكَ مِنْ وَرَاءِ الْحُجُرَاتِ أَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُونَ
Satemene wong kang wani - wani ngundang marang sira saka jaban kamar, iku kang akeh wong ora genep akale

Choose other languages: