Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hijr Ayahs #36 Translated in Jawa

قَالَ يَا إِبْلِيسُ مَا لَكَ أَلَّا تَكُونَ مَعَ السَّاجِدِينَ
Panjenengané angandika: É, Iblis! apa karanané, déné kowé padha ora dadi golongané kang padha sujud
قَالَ لَمْ أَكُنْ لِأَسْجُدَ لِبَشَرٍ خَلَقْتَهُ مِنْ صَلْصَالٍ مِنْ حَمَإٍ مَسْنُونٍ
Unjuké: Boten badhé kula punika sumujuda dhateng manusa, ingkang Tuwan dadosaken saking lempung garing, saking endhut cemeng ingkang winangun
قَالَ فَاخْرُجْ مِنْهَا فَإِنَّكَ رَجِيمٌ
Pangandikané: lah metua saka ing kono, awit sayekti, sira iku katundhung
وَإِنَّ عَلَيْكَ اللَّعْنَةَ إِلَىٰ يَوْمِ الدِّينِ
Lan sayekti, wewelak tumiba marang sira tumeka ing dina pancasan
قَالَ رَبِّ فَأَنْظِرْنِي إِلَىٰ يَوْمِ يُبْعَثُونَ
Unjuké: Pangéran kawula! mila mugi aparing sumené ing kawula dumugi ing dintenipun piyambakipun sami tinangèk- aken

Choose other languages: