Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #12 Translated in Jawa

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُجَادِلُ فِي اللَّهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَلَا هُدًى وَلَا كِتَابٍ مُنِيرٍ
Lan sawenehe manungsa ana kang madoni bab sifat lan kahanane Allah, kanthi tanpa waton ilmu, pituduhing Alha, apa maneh tanpa wewaton kitabing Allah kang madhangake ati
ثَانِيَ عِطْفِهِ لِيُضِلَّ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ ۖ لَهُ فِي الدُّنْيَا خِزْيٌ ۖ وَنُذِيقُهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ عَذَابَ الْحَرِيقِ
DHeweke padha ewa, nenglengkae gulune, pamrihe supaya wong - wong liyane padha kesasar saka dalane ALlah (agamane Allah). Wong kang mengkono iku ana ing donya mesthi nandhang siksa. Dene besuk ana ing akhirat bakal ngerasake (ngincipi) siksa neraka kang nggosongake
ذَٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتْ يَدَاكَ وَأَنَّ اللَّهَ لَيْسَ بِظَلَّامٍ لِلْعَبِيدِ
(He wong kafir) mulane sira Ingsun siksa ana ing donya lan ing akhirat, amarga saka tindakira kang wis sira tindakake klawan tanganira dhewe. Satemene Allah ora pisan - pisan nganiaya marang para kawulane
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَعْبُدُ اللَّهَ عَلَىٰ حَرْفٍ ۖ فَإِنْ أَصَابَهُ خَيْرٌ اطْمَأَنَّ بِهِ ۖ وَإِنْ أَصَابَتْهُ فِتْنَةٌ انْقَلَبَ عَلَىٰ وَجْهِهِ خَسِرَ الدُّنْيَا وَالْآخِرَةَ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْخُسْرَانُ الْمُبِينُ
Lan sawenehe manungsa ana kang manembah ing Alah kanthi minggrang - minggring, atine mamang. Dadi manawa nemu kabecikan, atine iya tentrem, nanging menawa kesandung ing reribet, banjur ,balik dadi kafir. Wong kang mengkono mau kapitunan ana ing donya lan ing Akhirat. Iya mengkono iku kapitunan kang nyata
يَدْعُو مِنْ دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَضُرُّهُ وَمَا لَا يَنْفَعُهُ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الضَّلَالُ الْبَعِيدُ
Wong - wong mau manembah marang saliyane Allah, yaiku brahala, kang menawa ora disembah ora bisa gawe kemlaratan apa dene menawa disembah iya ora bisa gawe manfaat. Iya kaya mengkono iku kang aran kesasar kang adoh banget

Choose other languages: