Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #15 Translated in Jawa

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَعْبُدُ اللَّهَ عَلَىٰ حَرْفٍ ۖ فَإِنْ أَصَابَهُ خَيْرٌ اطْمَأَنَّ بِهِ ۖ وَإِنْ أَصَابَتْهُ فِتْنَةٌ انْقَلَبَ عَلَىٰ وَجْهِهِ خَسِرَ الدُّنْيَا وَالْآخِرَةَ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْخُسْرَانُ الْمُبِينُ
Lan sawenehe manungsa ana kang manembah ing Alah kanthi minggrang - minggring, atine mamang. Dadi manawa nemu kabecikan, atine iya tentrem, nanging menawa kesandung ing reribet, banjur ,balik dadi kafir. Wong kang mengkono mau kapitunan ana ing donya lan ing Akhirat. Iya mengkono iku kapitunan kang nyata
يَدْعُو مِنْ دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَضُرُّهُ وَمَا لَا يَنْفَعُهُ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الضَّلَالُ الْبَعِيدُ
Wong - wong mau manembah marang saliyane Allah, yaiku brahala, kang menawa ora disembah ora bisa gawe kemlaratan apa dene menawa disembah iya ora bisa gawe manfaat. Iya kaya mengkono iku kang aran kesasar kang adoh banget
يَدْعُو لَمَنْ ضَرُّهُ أَقْرَبُ مِنْ نَفْعِهِ ۚ لَبِئْسَ الْمَوْلَىٰ وَلَبِئْسَ الْعَشِيرُ
Manembah brahala kang akeh lerege dadi kemlaratan tinimbang daddi paedah. Barang kang dianggep pangeran lan kanca, dikira bakal tetulung ing karibedan, iku kang ala dhewe iya brahala
إِنَّ اللَّهَ يُدْخِلُ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ ۚ إِنَّ اللَّهَ يَفْعَلُ مَا يُرِيدُ
Satemene Allah ing tembe bakal nglebokake wong - wong mukmin lan kang padha nindakake kebecika, padha dilebokake ing suwarga, kang ana bengawane mili ana sangisare wit - witan. Satemene Allah iku nindakake samubarang kang dadi kersane
مَنْ كَانَ يَظُنُّ أَنْ لَنْ يَنْصُرَهُ اللَّهُ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ فَلْيَمْدُدْ بِسَبَبٍ إِلَى السَّمَاءِ ثُمَّ لْيَقْطَعْ فَلْيَنْظُرْ هَلْ يُذْهِبَنَّ كَيْدُهُ مَا يَغِيظُ
Sing sapa duwe pangira, yen Nabi Muhammad ora ditulungi dening ALlah ana ing donya lan akhirat, mara dheweke ngulurna tali marang (sampai) langit. nuli mlaku lewat tali mau marang langit, banjur supaya andelenga apa pangrekane iku bisa ngilangake barang kang jengkelake atine

Choose other languages: