Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Furqan Ayahs #36 Translated in Jawa

وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْلَا نُزِّلَ عَلَيْهِ الْقُرْآنُ جُمْلَةً وَاحِدَةً ۚ كَذَٰلِكَ لِنُثَبِّتَ بِهِ فُؤَادَكَ ۖ وَرَتَّلْنَاهُ تَرْتِيلًا
Wong - wong kafir padha ngucap mengkene, "Ya gene al-Quran iku anggone diparingake marang (Muhammad) ora babar pisan (wujud buku wutuh), ora kaya kitab Taurat lan Injil?". Pangandikane Allah, "Wis mengkono kersaningsun, al-Qur’an iku Ingsun turunake saka sethithik sarta sranti, supaya atinira tetep lan mantep, lan gampang anggonira ngeling - ngeling lan ngapalake
وَلَا يَأْتُونَكَ بِمَثَلٍ إِلَّا جِئْنَاكَ بِالْحَقِّ وَأَحْسَنَ تَفْسِيرًا
Lan wong - wong kafir mau ora pisan - pisan sowan marang sira (Muhammad) anggawa alesan (kanggo mbatalake kenabiyanira) kajaba Ingsun mesthi maringi wewaton marang sira kang luwih becik lan bener, kanggo ngalahake alesane wong kafir mau
الَّذِينَ يُحْشَرُونَ عَلَىٰ وُجُوهِهِمْ إِلَىٰ جَهَنَّمَ أُولَٰئِكَ شَرٌّ مَكَانًا وَأَضَلُّ سَبِيلًا
Kang ing besuk ana ing kaherat padha dijungkirake lan dilarak, radhine ngambah lemah, sabanjure dicemplungake ing neraka Jahannam. Wong kafir mau panggonane ala banget lan kesasar saka dalan kang bener
وَلَقَدْ آتَيْنَا مُوسَى الْكِتَابَ وَجَعَلْنَا مَعَهُ أَخَاهُ هَارُونَ وَزِيرًا
Lan temen Ingsun wis maringi kitab (Taurat) marang Musa lan Harun sadulure, Ingsun dadekake pembantu bebarengan karo dheweke
فَقُلْنَا اذْهَبَا إِلَى الْقَوْمِ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا فَدَمَّرْنَاهُمْ تَدْمِيرًا
Dhawuh Ingsun (Marang Musa lan Harun), "Sira padha mangkata marang (tanah Qibthi) panggonane wong kang padha maido ayatingsun", (musa lan Harun padha ngestokake dhawuh, naning Fir’aun sabalane padha maido) mulane padha Ingsun sirnakake kabeh

Choose other languages: