Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Fath Ayahs #5 Translated in Jawa

إِنَّا فَتَحْنَا لَكَ فَتْحًا مُبِينًا
(Muhammad) Satemene Ingsun wis maringin kemenangan marang sira kanthi menang kang nyata (bedhahe Mekkah)
لِيَغْفِرَ لَكَ اللَّهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِكَ وَمَا تَأَخَّرَ وَيُتِمَّ نِعْمَتَهُ عَلَيْكَ وَيَهْدِيَكَ صِرَاطًا مُسْتَقِيمًا
Supaya Allah anggone kersa ngapura dosanira kang wis kelakon lan durung kelakon lan supaya sempurna paparinge kabungahan marang sira, apadene kersa paring pituduh dalan bener
وَيَنْصُرَكَ اللَّهُ نَصْرًا عَزِيزًا
Lan kersa paring pitulung kelawan pitulung kang mulya
هُوَ الَّذِي أَنْزَلَ السَّكِينَةَ فِي قُلُوبِ الْمُؤْمِنِينَ لِيَزْدَادُوا إِيمَانًا مَعَ إِيمَانِهِمْ ۗ وَلِلَّهِ جُنُودُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا
Allah iku kang paring tentrem ana ing atine para mukmin supaya imane tambah numpangi imane kang wis dhisik. Allah iku kagungan wadia bala ing langit lan bumi, lan Allah iku Maha Nguningani lan Maha Wicaksana
لِيُدْخِلَ الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا وَيُكَفِّرَ عَنْهُمْ سَيِّئَاتِهِمْ ۚ وَكَانَ ذَٰلِكَ عِنْدَ اللَّهِ فَوْزًا عَظِيمًا
Allah kersa arep ganjar mukmin lanang lan wadon kelawan suwarga kang ana bengawane mili ana ngisore kekayon ana kono padha langgeng. Lan Allah kersa ngapura kaluputane, kang mangkono iku diarani kebegjan gedhe ana ngarsane Allah

Choose other languages: