Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #12 Translated in Jawa

2:8
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَقُولُ آمَنَّا بِاللَّهِ وَبِالْيَوْمِ الْآخِرِ وَمَا هُمْ بِمُؤْمِنِينَ
Sawenehing manungsa ana kang ngucap mangkene: "Kita sami pitados ing Allah lan pitados badhe wontenipun dinten Qiyamat", nanging satemene wong mau kabeh padha ora percaya
2:9
يُخَادِعُونَ اللَّهَ وَالَّذِينَ آمَنُوا وَمَا يَخْدَعُونَ إِلَّا أَنْفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُونَ
Wong-wong mau padha tindak lamis ing Allah lan tidak lamis marang wong Mukmin kabeh. Ora liwat lelamisane mau mesthi ambalik marang awake dhewe, nanging padha ora krasa
فِي قُلُوبِهِمْ مَرَضٌ فَزَادَهُمُ اللَّهُ مَرَضًا ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ بِمَا كَانُوا يَكْذِبُونَ
Ing atine si munafiq ana lelarane, Allah nuli nambahi marang si munafiq lelara (maido Qur’an), wong munafiq bakal kapatrapan siksa kang nglarani, sebab anggone padha anggorohake Nabi
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ لَا تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ قَالُوا إِنَّمَا نَحْنُ مُصْلِحُونَ
Nalika wong munafik padha didhawuhi mengkene: "Kowe aja padha gawe rusak ana ing bumi", marga ora percaya, ature mengkene: "sayektosipun kula punika malah damel sae
أَلَا إِنَّهُمْ هُمُ الْمُفْسِدُونَ وَلَٰكِنْ لَا يَشْعُرُونَ
Satemene wong munafiq iku padha gawe rusak, ewa dene padha ora rumangsa

Choose other languages: