Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #88 Translated in Jawa

وَإِذْ أَخَذْنَا مِيثَاقَكُمْ لَا تَسْفِكُونَ دِمَاءَكُمْ وَلَا تُخْرِجُونَ أَنْفُسَكُمْ مِنْ دِيَارِكُمْ ثُمَّ أَقْرَرْتُمْ وَأَنْتُمْ تَشْهَدُونَ
Lan (padha elinga) nalikane ingsun mundhut sesanggemanira. Pangandikaningsun, "Sira aja padha mutahake getihe para kancanira lan aja nundhung para kancanira skaa negaranira (omahira)". Sira banjur padha sangem lan sira padha nekseni awakira dhewe
ثُمَّ أَنْتُمْ هَٰؤُلَاءِ تَقْتُلُونَ أَنْفُسَكُمْ وَتُخْرِجُونَ فَرِيقًا مِنْكُمْ مِنْ دِيَارِهِمْ تَظَاهَرُونَ عَلَيْهِمْ بِالْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَإِنْ يَأْتُوكُمْ أُسَارَىٰ تُفَادُوهُمْ وَهُوَ مُحَرَّمٌ عَلَيْكُمْ إِخْرَاجُهُمْ ۚ أَفَتُؤْمِنُونَ بِبَعْضِ الْكِتَابِ وَتَكْفُرُونَ بِبَعْضٍ ۚ فَمَا جَزَاءُ مَنْ يَفْعَلُ ذَٰلِكَ مِنْكُمْ إِلَّا خِزْيٌ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ وَيَوْمَ الْقِيَامَةِ يُرَدُّونَ إِلَىٰ أَشَدِّ الْعَذَابِ ۗ وَمَا اللَّهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُونَ
(He turune Israil kabeh) Sira banjur padha mateni para kancanira, lan nudhung kancanira sagolongan saka ing omahe (negaranira), sira padha marahi klawan dosa lan jarag nganiaya (memungsuhan). Dene menawa ana wong boyongan padha teka ing sira, banjur padha sira tebusi, kang mangka sira padha dilarang nudhung wong mau, yen mengkono apa sira percaya lan ngestokake saperangane kitab sarta maido (ngafiri) lan mopo marang saperangan liyane, para konconira kang padha ngelakoni mengkono iku piwalese ora ana maneh kajaba digawe asor ana ing jaman urip ing donya. Dene besuk dina Qiyamat padha digiring marang siksa kang abot. Allah ora pisan-pisan kesupen samu barang kang padha sira lakoni
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ اشْتَرَوُا الْحَيَاةَ الدُّنْيَا بِالْآخِرَةِ ۖ فَلَا يُخَفَّفُ عَنْهُمُ الْعَذَابُ وَلَا هُمْ يُنْصَرُونَ
Wong kang padh amengkono iku kang nuku kabungahan ing donya, dituku klawan kabungahan akherat, mulane bakal padha ora dienthengake siksane, lan padha ora ditulungi
وَلَقَدْ آتَيْنَا مُوسَى الْكِتَابَ وَقَفَّيْنَا مِنْ بَعْدِهِ بِالرُّسُلِ ۖ وَآتَيْنَا عِيسَى ابْنَ مَرْيَمَ الْبَيِّنَاتِ وَأَيَّدْنَاهُ بِرُوحِ الْقُدُسِ ۗ أَفَكُلَّمَا جَاءَكُمْ رَسُولٌ بِمَا لَا تَهْوَىٰ أَنْفُسُكُمُ اسْتَكْبَرْتُمْ فَفَرِيقًا كَذَّبْتُمْ وَفَرِيقًا تَقْتُلُونَ
Lan Ingsun temen wis maringi kitab Taurat marang Nabi Musa, sarta sapungkure Nabi Musa Ingsun tungka pirang-pirang utusan (Rasul) Ingsun, lan Ingsun wis maringi tandha yekti kasekten marang Isa anake Maryam sarta Ingsun wis ngatosakake Isa klawan roh suci (Jibril) ya gene saben sira padha katekan utusaningsun dhawuhake barang kang ora condhong karepira, sira banjur padha gumedhe, mulane utusan mau kang sak golongan padha sira paido lan sak golongan padha sira pateni
وَقَالُوا قُلُوبُنَا غُلْفٌ ۚ بَلْ لَعَنَهُمُ اللَّهُ بِكُفْرِهِمْ فَقَلِيلًا مَا يُؤْمِنُونَ
Para wong Yahudi kang munafiq padha matur, "Manah kula punika katutupan". Allah mbedoni wong munafiq mau marga anggone padha kfir. Dadi si Munafiq mau padh asethithik percayane

Choose other languages: