Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #74 Translated in Jawa

قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَنَا مَا هِيَ إِنَّ الْبَقَرَ تَشَابَهَ عَلَيْنَا وَإِنَّا إِنْ شَاءَ اللَّهُ لَمُهْتَدُونَ
Para turuning Israil nuli padha matur maneh, "Dhuh (Nabi) Musa! Panejengan mugi kersa matur malih dhateng Pangeran panjenengan supados paring ketereangan malih dhateng kita, lembu wau punapa ingkang dereng dipun alap damelipun, awit lembu mau tumrapipun ing kita taksih peteng. Menawi kepareng kaliyan kersaning Allah, kita temut sami angsal pitedah
قَالَ إِنَّهُ يَقُولُ إِنَّهَا بَقَرَةٌ لَا ذَلُولٌ تُثِيرُ الْأَرْضَ وَلَا تَسْقِي الْحَرْثَ مُسَلَّمَةٌ لَا شِيَةَ فِيهَا ۚ قَالُوا الْآنَ جِئْتَ بِالْحَقِّ ۚ فَذَبَحُوهَا وَمَا كَادُوا يَفْعَلُونَ
Nabi Musa nuli ngendika, "Dhawuhing Pangeran sapi mau kang durng nate kangelan, dianggo mluku bumi, lan kang durung nate dienggo nyirami tetanduran kang lawung, mulus, ora ana blentong-blentonge". Para turune Israil nuli padha matur, "Sakpunika panjenengan kersa mratelakeken kelayan terang". Nuli padha ambeleh (mragat) sapi kang kacehta mau, tur maune meh bae padha ora bisa nglakoni
وَإِذْ قَتَلْتُمْ نَفْسًا فَادَّارَأْتُمْ فِيهَا ۖ وَاللَّهُ مُخْرِجٌ مَا كُنْتُمْ تَكْتُمُونَ
Lan (padha elinga) nalikane sira padha mateni sawijining wong, sira nuli padha selak (ora ngakoni) perkara raja pati mau, ewadene Allah melehake marang sira mungguhing barang kang padha sira umpetake
فَقُلْنَا اضْرِبُوهُ بِبَعْضِهَا ۚ كَذَٰلِكَ يُحْيِي اللَّهُ الْمَوْتَىٰ وَيُرِيكُمْ آيَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ
Ingsun nuli ngendika, "He turune Israil (bani Israil) sabetna (gitikna) peranganing sapi iku marang wong kang mati, ing mbesuk Allah anggone nguripake wong kang wis padha mati iya kaya mengkene, saiki Allah meruhake ayate marang sira kabeh, supaya sira iku padha mikir
ثُمَّ قَسَتْ قُلُوبُكُمْ مِنْ بَعْدِ ذَٰلِكَ فَهِيَ كَالْحِجَارَةِ أَوْ أَشَدُّ قَسْوَةً ۚ وَإِنَّ مِنَ الْحِجَارَةِ لَمَا يَتَفَجَّرُ مِنْهُ الْأَنْهَارُ ۚ وَإِنَّ مِنْهَا لَمَا يَشَّقَّقُ فَيَخْرُجُ مِنْهُ الْمَاءُ ۚ وَإِنَّ مِنْهَا لَمَا يَهْبِطُ مِنْ خَشْيَةِ اللَّهِ ۗ وَمَا اللَّهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُونَ
Sawise kelakon mengkono atinira nuli padha atos, nganti kaya watu utawa luwih atos maneh. Saatos-atose watu isih ana kang menga dadi tuk (sumber) kali, lan ana kang pecah ngilekake banyu, lan ana maneh watu kang mlorot, saka konjeme marang Allah. Allah ora pisan-pisan kesupen samubarang kang sira lakoni

Choose other languages: