Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #34 Translated in Jawa

وَإِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلَائِكَةِ إِنِّي جَاعِلٌ فِي الْأَرْضِ خَلِيفَةً ۖ قَالُوا أَتَجْعَلُ فِيهَا مَنْ يُفْسِدُ فِيهَا وَيَسْفِكُ الدِّمَاءَ وَنَحْنُ نُسَبِّحُ بِحَمْدِكَ وَنُقَدِّسُ لَكَ ۖ قَالَ إِنِّي أَعْلَمُ مَا لَا تَعْلَمُونَ
(Muhammad) sira nyritakna nalika Pangeranira ngendika marang Malaikat: "Ingsun nitahake sesulih (khalifah) ana ing bumi", Para Malaikat nuli padha munjuk, "Kados pundi dene Tuan tega nitahaken tiyang ingkang damel risak wonten ing bumi saha badhe mutahaken rah? ing mangkan kawula punika sami nyebut menggahing Kang Maha Suci Tuan sarta ngalembana ing Tuan". (punapa dene nganggep maha suci Tuan ing bathin), Allah nuli ngendika, "Ingsun nguningani barang kang sira padha ora weruh
وَعَلَّمَ آدَمَ الْأَسْمَاءَ كُلَّهَا ثُمَّ عَرَضَهُمْ عَلَى الْمَلَائِكَةِ فَقَالَ أَنْبِئُونِي بِأَسْمَاءِ هَٰؤُلَاءِ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Allah wis paring sumurup marang (Nabi) Adam sawarnaning aran (jeneng) kabeh, nuli ndangokake arane barang-barang mau marang para Malaikat. Allah ngendika, "Yen nyata hunjukira iku padha temen, mara Ingsun tuduhna araning barang-barang iki
قَالُوا سُبْحَانَكَ لَا عِلْمَ لَنَا إِلَّا مَا عَلَّمْتَنَا ۖ إِنَّكَ أَنْتَ الْعَلِيمُ الْحَكِيمُ
Para Malaikat padha munjuk, "Tuan punika Maha Suci, kawula sami mboten gadhah kaweruh punapa-punapa kajawi barang ingkang sampun tuan tedahaken dhateng kawula. Saestunipun Tuan punika nguningani saha Wicaksana
قَالَ يَا آدَمُ أَنْبِئْهُمْ بِأَسْمَائِهِمْ ۖ فَلَمَّا أَنْبَأَهُمْ بِأَسْمَائِهِمْ قَالَ أَلَمْ أَقُلْ لَكُمْ إِنِّي أَعْلَمُ غَيْبَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَأَعْلَمُ مَا تُبْدُونَ وَمَا كُنْتُمْ تَكْتُمُونَ
Allah ngendika, "He Adam! PAra Malaikat iku paringana pirsa araning barang-barang iku". Barang (Nabi) Adam wis ngendikaake araning barang-barang mau marang para Malaikat, Allah ngendika: "Ingsun apa ora wis ngendika marang sira kabeh yen Ingsun nguningani wadining langit lan bumi, lan nguningani samu barang kang padha sira lahirake, lan samubarang kang padha sira umpetake
وَإِذْ قُلْنَا لِلْمَلَائِكَةِ اسْجُدُوا لِآدَمَ فَسَجَدُوا إِلَّا إِبْلِيسَ أَبَىٰ وَاسْتَكْبَرَ وَكَانَ مِنَ الْكَافِرِينَ
(Muhammad) sira nyritakna nalikane Ingsun ngendika marang para Malaikat, "Sira padha sujuda marang Adam". Para Malaikat mau nuli padha sujud, kajaba mung Iblis iku mbangkang sarta gumedhe, Iblis banjur dadi ewone wong kafir

Choose other languages: