Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #261 Translated in Jawa

اللَّهُ وَلِيُّ الَّذِينَ آمَنُوا يُخْرِجُهُمْ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ ۖ وَالَّذِينَ كَفَرُوا أَوْلِيَاؤُهُمُ الطَّاغُوتُ يُخْرِجُونَهُمْ مِنَ النُّورِ إِلَى الظُّلُمَاتِ ۗ أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ
Allah iku pangayome para wong kang padha Mukmin. Panjenengane ngetokake wong-wong mau saka pepeteng marang pepadhang. Dene wong kang padha kafir iku kang dadi pengayome iya iku berhala, kang ngetokake dheweke saka pepadhang marang pepeteng. Wong-wong kang mangkono iku padha ana ing neraka tur padha langgeng
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِي حَاجَّ إِبْرَاهِيمَ فِي رَبِّهِ أَنْ آتَاهُ اللَّهُ الْمُلْكَ إِذْ قَالَ إِبْرَاهِيمُ رَبِّيَ الَّذِي يُحْيِي وَيُمِيتُ قَالَ أَنَا أُحْيِي وَأُمِيتُ ۖ قَالَ إِبْرَاهِيمُ فَإِنَّ اللَّهَ يَأْتِي بِالشَّمْسِ مِنَ الْمَشْرِقِ فَأْتِ بِهَا مِنَ الْمَغْرِبِ فَبُهِتَ الَّذِي كَفَرَ ۗ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ
(Muhammad) apa sira durung sumurup ceritane Namrud? Dupeh diparingi keraton dening Allah banjur madoni marang nabi Ibrahim ing bab Pangerane. Nalika samana Nabi Ibrahim ngandika, "Pangeranku, yaiku kang paring urip lan kang mateni", Raja Namrud nuli mangsuli, "Aku uga bisa nguripi lan bisa mateni". Nabi Ibrahim ngendika maneh, "Satemene Allah iku bisa nglakokake (mlethekake) srengenge saka wetan, mara sira nglakokna (mlethekna) srengenge saka kulon". Wong-wong kafir mau banjur padha judheg. Dene Allah iku ora pisan-pisan kersa paring pitedah marang wong kang padha nganiaya
أَوْ كَالَّذِي مَرَّ عَلَىٰ قَرْيَةٍ وَهِيَ خَاوِيَةٌ عَلَىٰ عُرُوشِهَا قَالَ أَنَّىٰ يُحْيِي هَٰذِهِ اللَّهُ بَعْدَ مَوْتِهَا ۖ فَأَمَاتَهُ اللَّهُ مِائَةَ عَامٍ ثُمَّ بَعَثَهُ ۖ قَالَ كَمْ لَبِثْتَ ۖ قَالَ لَبِثْتُ يَوْمًا أَوْ بَعْضَ يَوْمٍ ۖ قَالَ بَلْ لَبِثْتَ مِائَةَ عَامٍ فَانْظُرْ إِلَىٰ طَعَامِكَ وَشَرَابِكَ لَمْ يَتَسَنَّهْ ۖ وَانْظُرْ إِلَىٰ حِمَارِكَ وَلِنَجْعَلَكَ آيَةً لِلنَّاسِ ۖ وَانْظُرْ إِلَى الْعِظَامِ كَيْفَ نُنْشِزُهَا ثُمَّ نَكْسُوهَا لَحْمًا ۚ فَلَمَّا تَبَيَّنَ لَهُ قَالَ أَعْلَمُ أَنَّ اللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Utawa (apa sira durung sumurup) lelakone ’Uzair, kang liwat ana ing negara kang gedhong-gedhonge wis padha ambruk? ’Uzair mau celathu, "Kepriye Allah anggone bakal nguripake maneh barang kang wis mati mengkene iki". Sanalika Allah mbanjur mateni ’Uzer sajrone tahun lawase. Sawise tahun, Allah nguripake ’Uzair maneh, Allah mbanjur dangu marang ’Uzer, "Wis pira suwene anggonmu leren ana ing kene?", ’Uzair banjur munjuk, "Anggen kawula kendel wonten ing ngriki saweg sadinten utawi kirang", Allah nuli ngendika, "Anggonira leren ana kene wis tahun lawase, mara sira ndelenga sangunira pangan lan omben-ombenira, kabeh padha durung owah (mambu), lan sira ndelenga Khimar-ira (kang wis padha remuk), apadene sira ndelenga anggoningsun nguripake balunging Khimar mau. Ingsun wenehi daging". Bareng kang mengkono mau wis kenyataan kasat mata ing ’Uzair, dheweke mbanjur munjuk, "Sak punika kula sampun sumerep (lan pitados), saestu Allah punika nguwaosi dhateng samu kawis
وَإِذْ قَالَ إِبْرَاهِيمُ رَبِّ أَرِنِي كَيْفَ تُحْيِي الْمَوْتَىٰ ۖ قَالَ أَوَلَمْ تُؤْمِنْ ۖ قَالَ بَلَىٰ وَلَٰكِنْ لِيَطْمَئِنَّ قَلْبِي ۖ قَالَ فَخُذْ أَرْبَعَةً مِنَ الطَّيْرِ فَصُرْهُنَّ إِلَيْكَ ثُمَّ اجْعَلْ عَلَىٰ كُلِّ جَبَلٍ مِنْهُنَّ جُزْءًا ثُمَّ ادْعُهُنَّ يَأْتِينَكَ سَعْيًا ۚ وَاعْلَمْ أَنَّ اللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
(Muhammad) (Sira nyritakna) nalikane Nabi Ibrahim matur Pangerane, "Dhuh Pangeran kawula, mugi Panjenengan paring pitedah dateng kawula kaliyan kasat mripat, anggen panjenengan nggesangaken tiyang ingkang pejah", Allah paring dhawuh, "Apa sira durung percaya?" Nabi Ibrahim matur maneh, "Inggih sampun pitados, nanging supados manah kula punika tentrem", Allah mbanjur ngandika, "Sira njupuka manuk papat, banjur cecumbunen (sarta jejuwingen) sira banjur ndokokna ing sabne-saben gunung sebagian saka manuk-manuk mau nuli undangen, mesthi bajur padha nekani ing sira kalayan rikat. Lan sira sumurupa, satemene Allah iku Maha Mulya sarta Maha Wicaksana
مَثَلُ الَّذِينَ يُنْفِقُونَ أَمْوَالَهُمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ كَمَثَلِ حَبَّةٍ أَنْبَتَتْ سَبْعَ سَنَابِلَ فِي كُلِّ سُنْبُلَةٍ مِائَةُ حَبَّةٍ ۗ وَاللَّهُ يُضَاعِفُ لِمَنْ يَشَاءُ ۗ وَاللَّهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ
Sanepane wong kang padha dermakake bandhane tumanja ana ing dalane Allah (sabilillah) iku umpamane kaya dene sanepane wiji sak elas kang nukulake wuli, ing dalem sak wuline isi wiji. Allah iku nikelake (ganjaran) marang wong kang dikersakake. Lan Allah iku Maha Jembar sarta Maha Nguningani

Choose other languages: