Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #191 Translated in Jawa

أُحِلَّ لَكُمْ لَيْلَةَ الصِّيَامِ الرَّفَثُ إِلَىٰ نِسَائِكُمْ ۚ هُنَّ لِبَاسٌ لَكُمْ وَأَنْتُمْ لِبَاسٌ لَهُنَّ ۗ عَلِمَ اللَّهُ أَنَّكُمْ كُنْتُمْ تَخْتَانُونَ أَنْفُسَكُمْ فَتَابَ عَلَيْكُمْ وَعَفَا عَنْكُمْ ۖ فَالْآنَ بَاشِرُوهُنَّ وَابْتَغُوا مَا كَتَبَ اللَّهُ لَكُمْ ۚ وَكُلُوا وَاشْرَبُوا حَتَّىٰ يَتَبَيَّنَ لَكُمُ الْخَيْطُ الْأَبْيَضُ مِنَ الْخَيْطِ الْأَسْوَدِ مِنَ الْفَجْرِ ۖ ثُمَّ أَتِمُّوا الصِّيَامَ إِلَى اللَّيْلِ ۚ وَلَا تُبَاشِرُوهُنَّ وَأَنْتُمْ عَاكِفُونَ فِي الْمَسَاجِدِ ۗ تِلْكَ حُدُودُ اللَّهِ فَلَا تَقْرَبُوهَا ۗ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ آيَاتِهِ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَّقُونَ
Ana ing wengine sasi Ramadhan sira padha dikenakake campur (jumbana) karo wong wadonira. Dheweke iku minangka sandhanganira, lan sira iku minangka sandhangan tumrap dheweke. Allah wis nguningani yen sira iku padha cidra marang awakira dhewe. Allah wis paring pangapura marang sira kabeh. Mula saiki sira padha ngumpulana wadonira lan padha ngupaya barang kang wis diwajibake dening Allah marang sira kabeh. Sira padha mangana lan padha ngombea, nganti cetha boleh kang putih saka bolah kang ireng yaiku waktu fajar, tumuli sira nyampurnakna puasanira nganti tekan ing wengi. Lan sira aja ngumpuli wadonira, yen sira pinuju i’tikaf kang mengkono iku larangane Allah, sira aja wani-wani cedhak-cedhak. Kaya mengkono iku Allah nerangake ayate marang para manungsa supaya padha wedi ing Panjenenangenira
وَلَا تَأْكُلُوا أَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ وَتُدْلُوا بِهَا إِلَى الْحُكَّامِ لِتَأْكُلُوا فَرِيقًا مِنْ أَمْوَالِ النَّاسِ بِالْإِثْمِ وَأَنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Lan sira aja mangan bandhane kancanira kelawan batal (ora semesthine) lan sira padha aweh besel kelawan bandha mau marang Pengadilan, kang pamrihe supaya sira bisa mangan sebagian bandhane liyan kelawan laku dosa, ing mangka sira kabeh padha mangerti
يَسْأَلُونَكَ عَنِ الْأَهِلَّةِ ۖ قُلْ هِيَ مَوَاقِيتُ لِلنَّاسِ وَالْحَجِّ ۗ وَلَيْسَ الْبِرُّ بِأَنْ تَأْتُوا الْبُيُوتَ مِنْ ظُهُورِهَا وَلَٰكِنَّ الْبِرَّ مَنِ اتَّقَىٰ ۗ وَأْتُوا الْبُيُوتَ مِنْ أَبْوَابِهَا ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
(Muhammad!) para ummatira padha takor marang sira perkara ananing tanggal. Sira dhawuha: "Tanggal iku panengeran wektu tumrap kaperluaning manungsa lan tumrap waktuning Haji". Lan dudu kang aran becik iku anggonira mlebu ing omah saka mburi nanging kang aran becik iku wong kang bekti marang Allah lan padha mlebua ing omah saka lawange bae, lan padha bektiya ing Allah, supaya sira kabeh padha pikantuk kabegjan
وَقَاتِلُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ الَّذِينَ يُقَاتِلُونَكُمْ وَلَا تَعْتَدُوا ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ
Lan sira padha peranga krana ngrungkepi agamane Allah (Sabilillah) marang wong kang padha merangi sira, lana aja padha ngliwati wates. Lan satemene Allah iku ora remen marang wong kang padha ngliwati wates. Lan satemene Allah iku ora rena marang wong kang padha ngliawti wates
وَاقْتُلُوهُمْ حَيْثُ ثَقِفْتُمُوهُمْ وَأَخْرِجُوهُمْ مِنْ حَيْثُ أَخْرَجُوكُمْ ۚ وَالْفِتْنَةُ أَشَدُّ مِنَ الْقَتْلِ ۚ وَلَا تُقَاتِلُوهُمْ عِنْدَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ حَتَّىٰ يُقَاتِلُوكُمْ فِيهِ ۖ فَإِنْ قَاتَلُوكُمْ فَاقْتُلُوهُمْ ۗ كَذَٰلِكَ جَزَاءُ الْكَافِرِينَ
Lan sira padha merangana wong kafir kabeh, ing ngendi anggonira ketemu, yen wong kafir mau padha ngusir sira lan sira padha nundhunga saka panggonan kang sira ditundung. Dene fitnah iku luwih banget alane tinimbang perang (mateni). Lan sira aja padha merangi wong-wong mau ana ing Masjidil-Haram, kajaba yen dheweke iku merangi ing sira, sira perangana, kang mangkono iku mau dumunung piwales marang wong-wong kafir

Choose other languages: