Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #180 Translated in Jawa

ذَٰلِكَ بِأَنَّ اللَّهَ نَزَّلَ الْكِتَابَ بِالْحَقِّ ۗ وَإِنَّ الَّذِينَ اخْتَلَفُوا فِي الْكِتَابِ لَفِي شِقَاقٍ بَعِيدٍ
Mengkono mau, jalaran Allah wis nurunake Kitab kelawan nyata. LAn satemene wong kang padha nyulayani kitab iku temen wong mau padha ana ing sajroning cecongkrahan kang adoh
لَيْسَ الْبِرَّ أَنْ تُوَلُّوا وُجُوهَكُمْ قِبَلَ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ وَلَٰكِنَّ الْبِرَّ مَنْ آمَنَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَالْمَلَائِكَةِ وَالْكِتَابِ وَالنَّبِيِّينَ وَآتَى الْمَالَ عَلَىٰ حُبِّهِ ذَوِي الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينَ وَابْنَ السَّبِيلِ وَالسَّائِلِينَ وَفِي الرِّقَابِ وَأَقَامَ الصَّلَاةَ وَآتَى الزَّكَاةَ وَالْمُوفُونَ بِعَهْدِهِمْ إِذَا عَاهَدُوا ۖ وَالصَّابِرِينَ فِي الْبَأْسَاءِ وَالضَّرَّاءِ وَحِينَ الْبَأْسِ ۗ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ صَدَقُوا ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُتَّقُونَ
Dudu kang aran kebecikan iku anggonira ngadhepake rahinira mangetan lan mengunlon, nanging kang aran becik iku wong kang percaya marang Allah, lan marang Malaikat, lan marang Kitab, lan marang para Nabi, lan menehake bandhane kang banget disenengi marang sanak sedulure, lan marang bocah yatim lan marang wong kang miskin, lan marang wong kang pinuju lelungan (kentekan sangu), lan marang wong padha njejaluk, lan kanggo nebusi batur-batur tukon lan nglakoni shalat lan aweh zakat, lan wong kang padha nuhoni perjanjian menawa padha janji, lan wong kang padha sabar ana ing sajeroning kekurangan lan nandhang kasangsaran lan nalikane wektu perang wong kang mengkono mau kang padha temen-temen, lan wong-wong kang mengkono mau kang padha bekti (ing Allah)
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِصَاصُ فِي الْقَتْلَى ۖ الْحُرُّ بِالْحُرِّ وَالْعَبْدُ بِالْعَبْدِ وَالْأُنْثَىٰ بِالْأُنْثَىٰ ۚ فَمَنْ عُفِيَ لَهُ مِنْ أَخِيهِ شَيْءٌ فَاتِّبَاعٌ بِالْمَعْرُوفِ وَأَدَاءٌ إِلَيْهِ بِإِحْسَانٍ ۗ ذَٰلِكَ تَخْفِيفٌ مِنْ رَبِّكُمْ وَرَحْمَةٌ ۗ فَمَنِ اعْتَدَىٰ بَعْدَ ذَٰلِكَ فَلَهُ عَذَابٌ أَلِيمٌ
He wong kang Mukmin kabeh! Sira diwajibake males tumrap ing rajapati, Wong merdika dipateni sebab mateni padha wong merdika, kawula padha kawula, wong wadon padha wong wadon. Dene sapa sing diapura sithik dening sadulure kang dipateni, iku wajibe kang ngapura kudu njaluk diyat marang kang mateni kelawan aris, lan kang mateni kudu mbayar tetempuh marang kang ngapura klawan becik. Mengkono iku kemayaran lan kemurahan saka Pangeranira. Mangka sing sapa ngliwati wates, bakal kapatrapan siksa kang nglarani
وَلَكُمْ فِي الْقِصَاصِ حَيَاةٌ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Lan tumrap sira kabeh ana ing males ukum pati iku panguripan, he wong kang padha duwe akal, supaya sira kabeh padha kereksa (saka ala)
كُتِبَ عَلَيْكُمْ إِذَا حَضَرَ أَحَدَكُمُ الْمَوْتُ إِنْ تَرَكَ خَيْرًا الْوَصِيَّةُ لِلْوَالِدَيْنِ وَالْأَقْرَبِينَ بِالْمَعْرُوفِ ۖ حَقًّا عَلَى الْمُتَّقِينَ
Diwajibake tumrap sira kabeh, yen salah sawijining arep mati, menawa duwe tinggalan bandha supaya wasiat marang wong tuwane loro lan marang para sadulure klawan becik, iku kewajiban tumrap wong kang padha bekti (ing Allah)

Choose other languages: