Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #112 Translated in Jawa

أَمْ تُرِيدُونَ أَنْ تَسْأَلُوا رَسُولَكُمْ كَمَا سُئِلَ مُوسَىٰ مِنْ قَبْلُ ۗ وَمَنْ يَتَبَدَّلِ الْكُفْرَ بِالْإِيمَانِ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاءَ السَّبِيلِ
Apa sira kudu nyuwun marang Rasulira, kaya dhek biyen nalikane nabi Musa dijuluki sing sapa nyalini klawan kafir, Wong iku yekti kesasar saka dalan kang jejeg
وَدَّ كَثِيرٌ مِنْ أَهْلِ الْكِتَابِ لَوْ يَرُدُّونَكُمْ مِنْ بَعْدِ إِيمَانِكُمْ كُفَّارًا حَسَدًا مِنْ عِنْدِ أَنْفُسِهِمْ مِنْ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْحَقُّ ۖ فَاعْفُوا وَاصْفَحُوا حَتَّىٰ يَأْتِيَ اللَّهُ بِأَمْرِهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Akeh-akeh wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab padha ngareparep supaya sira padha mbalika dadi kafir sawise iman, krana drengkine kang thukul saka dhasaring atine sawise padha terang gamblang yen Muhammad iku bener. (Muhammad!) saiki sira mung ngapura lan togna bae, ngentenana yen Allah wis dhawuhake prentahe. Satemene Allah iku nguwasani samu barang
وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ ۚ وَمَا تُقَدِّمُوا لِأَنْفُسِكُمْ مِنْ خَيْرٍ تَجِدُوهُ عِنْدَ اللَّهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Sira padha ngelakonono Sholat, lan padha mbayara zakat. Dene sedhengah kebecikan cecekelanira kang wis sira lakoni dhisik iku sira bakal nemu ganjarane ana ing pangayonaning Allah. Satemene Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni
وَقَالُوا لَنْ يَدْخُلَ الْجَنَّةَ إِلَّا مَنْ كَانَ هُودًا أَوْ نَصَارَىٰ ۗ تِلْكَ أَمَانِيُّهُمْ ۗ قُلْ هَاتُوا بُرْهَانَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Padha wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab padha ngucap: "Ora ana wong bisa mlebu suwarga kajaba wong Yahudi utawa Nasrani ". Mengkono iku gagasane wong kafir mau. (He Muhammad!) sira prentaha: "Yen pangucapira iku bener, mara anggelarna yektimu
بَلَىٰ مَنْ أَسْلَمَ وَجْهَهُ لِلَّهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ فَلَهُ أَجْرُهُ عِنْدَ رَبِّهِ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
(O, liyane wong Yahudi lan Nasrani) iya mlebu ing suwarga, sing sapa masrahake (nyumanggakake) awake marang Allah, kang mangka wong iku lakune becik mesthi tampa ganjaran ana ing pangayunaning Pangerane, sarta padha ora kuwatir apa-apa lan padha ora kesusahan

Choose other languages: