Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #74 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ لِمَنْ فِي أَيْدِيكُمْ مِنَ الْأَسْرَىٰ إِنْ يَعْلَمِ اللَّهُ فِي قُلُوبِكُمْ خَيْرًا يُؤْتِكُمْ خَيْرًا مِمَّا أُخِذَ مِنْكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ
O, Nabi! Calathua marang para tawanan kang ana ing tanga- nira: Manawa Allah anguningani ana kabecikan ing sajroning ati- atinira, Panjenengané bakal ama- ringi sira luwih becik tinimbang apa kang wis kapundhut saka ing sira,a sarta bakal angapura marang sira; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih
وَإِنْ يُرِيدُوا خِيَانَتَكَ فَقَدْ خَانُوا اللَّهَ مِنْ قَبْلُ فَأَمْكَنَ مِنْهُمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ
Lan manawa dhèwèké padha arep anyidrani sira, lah temen dhè- wèké iku ing sadurungé wis anyidrani Allah, ananging Pan- jenengané amaringi angu- wasani dhèwèké; lan Allah iku Angudanèni, Wicaksana
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَهَاجَرُوا وَجَاهَدُوا بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنْفُسِهِمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَالَّذِينَ آوَوْا وَنَصَرُوا أُولَٰئِكَ بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاءُ بَعْضٍ ۚ وَالَّذِينَ آمَنُوا وَلَمْ يُهَاجِرُوا مَا لَكُمْ مِنْ وَلَايَتِهِمْ مِنْ شَيْءٍ حَتَّىٰ يُهَاجِرُوا ۚ وَإِنِ اسْتَنْصَرُوكُمْ فِي الدِّينِ فَعَلَيْكُمُ النَّصْرُ إِلَّا عَلَىٰ قَوْمٍ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ مِيثَاقٌ ۗ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Sayekti para kang padha angèstu sarta oncat aninggal tuwin nyrempeng ing da- dalaning Allah kalawan bandhané lan jiwané sarta para kang padha awèh pangungsèn lan mitulungi – iki padha dadi pangayoman sa- wenèh marang sawenèhé; wondéné para kang padha angèstu lan ora oncat aninggal , iku dudu bubuhanira pisan-pisan anggoné angayomi, nganti saoncaté; lan manawa dhèwèké padha anjaluk pitulungira ing dalem prakara agama, lah wajib ingatasé sira anulungana, kajaba tumrap wong kang antaranira karo dhèwèké ana prajanjian, lan Allah iku Amirsani ing sabarang kang padha sira lakoni
وَالَّذِينَ كَفَرُوا بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاءُ بَعْضٍ ۚ إِلَّا تَفْعَلُوهُ تَكُنْ فِتْنَةٌ فِي الْأَرْضِ وَفَسَادٌ كَبِيرٌ
Wondéné para kang padha kafir, iku padha dadi pangayoman sawenèh marang sawenèhé; iku manawa sira padha ora aninda- kaké, bakal ana panindhesan ing bumi sarta wisuna kang gedhé
وَالَّذِينَ آمَنُوا وَهَاجَرُوا وَجَاهَدُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَالَّذِينَ آوَوْا وَنَصَرُوا أُولَٰئِكَ هُمُ الْمُؤْمِنُونَ حَقًّا ۚ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ
Wondéné para kang padha angèstu sarta oncat aninggal lan anyrempeng ing dadalaning Allah, sarta para kang padha awèh pangungsèn lan amitulungi – iki para wong angèstu sajati; bakal padha olèh pangapura sarta rejeki kang mulya

Choose other languages: