Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #45 Translated in Jawa

وَاعْلَمُوا أَنَّمَا غَنِمْتُمْ مِنْ شَيْءٍ فَأَنَّ لِلَّهِ خُمُسَهُ وَلِلرَّسُولِ وَلِذِي الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينِ وَابْنِ السَّبِيلِ إِنْ كُنْتُمْ آمَنْتُمْ بِاللَّهِ وَمَا أَنْزَلْنَا عَلَىٰ عَبْدِنَا يَوْمَ الْفُرْقَانِ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعَانِ ۗ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Lan padha weruha, yèn kuku- panira ana ing paprangan, arupa apa baé, lah iku kang sapralimané bagéané Allah lan bagéané Utusan sarta bagéané santana tuwin para bocah yatim lan para wong miskin apa déné wong lalaku, manawa sira iku padha angèstu ing Allah sarta apa kang Ingsun dhawuhaké marang kawula-Ningsun, ing dina- ning panyilah, ing dina tempuké golongan loro; lan Allah iku marang samubarang kawasa
إِذْ أَنْتُمْ بِالْعُدْوَةِ الدُّنْيَا وَهُمْ بِالْعُدْوَةِ الْقُصْوَىٰ وَالرَّكْبُ أَسْفَلَ مِنْكُمْ ۚ وَلَوْ تَوَاعَدْتُمْ لَاخْتَلَفْتُمْ فِي الْمِيعَادِ ۙ وَلَٰكِنْ لِيَقْضِيَ اللَّهُ أَمْرًا كَانَ مَفْعُولًا لِيَهْلِكَ مَنْ هَلَكَ عَنْ بَيِّنَةٍ وَيَحْيَىٰ مَنْ حَيَّ عَنْ بَيِّنَةٍ ۗ وَإِنَّ اللَّهَ لَسَمِيعٌ عَلِيمٌ
Nalikané sira padha ana ing sacedhaké pèpèrèng sarta dhèwèké ana ing pèpèrèng adoh, sarta untan-untan ana ing panggonan kang luwih endhèk tinimbang sira; lan saupama sira padha semayanana, masthi sira bakal padha nyulayani ing sema- yan, ananging – supayané Allah anyidakna prakara kang wus masthi kudu kalakon, supaya sapa kang kuduné lebur lebura kalawan bukti cetha sarta sapa kang kuduné urip uripa kalawan bukti cetha; lan sayekti Allah iku temen Amiyarsa, Angudanèni
إِذْ يُرِيكَهُمُ اللَّهُ فِي مَنَامِكَ قَلِيلًا ۖ وَلَوْ أَرَاكَهُمْ كَثِيرًا لَفَشِلْتُمْ وَلَتَنَازَعْتُمْ فِي الْأَمْرِ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ سَلَّمَ ۗ إِنَّهُ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ
Nalika Allah meruhaké sira ing dhèwèké ing jeroné impènira katon sathithik; lan saupama Pan- jenengané meruhaké sira ing dhèwèké katon akèh, amasthi sira padha rumasa apes sarta padha pradondi ing dalem prakara iku, ananging Allah anylametaké ; sayekti Panjenengané iku Ingkang- Angudanèni apa kang ana ing dhadha-dhadha
وَإِذْ يُرِيكُمُوهُمْ إِذِ الْتَقَيْتُمْ فِي أَعْيُنِكُمْ قَلِيلًا وَيُقَلِّلُكُمْ فِي أَعْيُنِهِمْ لِيَقْضِيَ اللَّهُ أَمْرًا كَانَ مَفْعُولًا ۗ وَإِلَى اللَّهِ تُرْجَعُ الْأُمُورُ
Lan nalika Panjenengané meruhaké sira ing dhèwèké, kalané sira pethuk , ana ing pandelengira katon sathithik sarta Panjenengané anyathithikaké sira ing dalem pandelengé, supa- yané Allah anyidakna prakara kang wis masthi kudu kalakon; lan marang Allah anggoné sakèhing prakara dibalèkaké
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا لَقِيتُمْ فِئَةً فَاثْبُتُوا وَاذْكُرُوا اللَّهَ كَثِيرًا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
É, sira kang padha angèstu! samangsa sira kapapag sawijining papanthan, lah padha di tetep sarta padha di akèh anggonira éling maring Allah, supaya sira padha begja

Choose other languages: