Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #48 Translated in Jawa

وَإِذْ يُرِيكُمُوهُمْ إِذِ الْتَقَيْتُمْ فِي أَعْيُنِكُمْ قَلِيلًا وَيُقَلِّلُكُمْ فِي أَعْيُنِهِمْ لِيَقْضِيَ اللَّهُ أَمْرًا كَانَ مَفْعُولًا ۗ وَإِلَى اللَّهِ تُرْجَعُ الْأُمُورُ
Lan nalika Panjenengané meruhaké sira ing dhèwèké, kalané sira pethuk , ana ing pandelengira katon sathithik sarta Panjenengané anyathithikaké sira ing dalem pandelengé, supa- yané Allah anyidakna prakara kang wis masthi kudu kalakon; lan marang Allah anggoné sakèhing prakara dibalèkaké
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا لَقِيتُمْ فِئَةً فَاثْبُتُوا وَاذْكُرُوا اللَّهَ كَثِيرًا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
É, sira kang padha angèstu! samangsa sira kapapag sawijining papanthan, lah padha di tetep sarta padha di akèh anggonira éling maring Allah, supaya sira padha begja
وَأَطِيعُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَلَا تَنَازَعُوا فَتَفْشَلُوا وَتَذْهَبَ رِيحُكُمْ ۖ وَاصْبِرُوا ۚ إِنَّ اللَّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ
Sarta padha ambangun-turuta ing Allah lan Utusan-É, lan aja padha pradondi, mundhak sira padha rumasa apes lan ilang kakuwatanira sarta padha di sabar; sayekti Allah iku anyartani para wong sabar
وَلَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ خَرَجُوا مِنْ دِيَارِهِمْ بَطَرًا وَرِئَاءَ النَّاسِ وَيَصُدُّونَ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ ۚ وَاللَّهُ بِمَا يَعْمَلُونَ مُحِيطٌ
Lan aja padha kaya para kang padha metu saka ing panggonané kalawan umuk sarta pamèr marang manusa tuwin padha nga- doh saka dadalaning Allah, lan Allah iku anglimputi ing sabarang panggawéné
وَإِذْ زَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطَانُ أَعْمَالَهُمْ وَقَالَ لَا غَالِبَ لَكُمُ الْيَوْمَ مِنَ النَّاسِ وَإِنِّي جَارٌ لَكُمْ ۖ فَلَمَّا تَرَاءَتِ الْفِئَتَانِ نَكَصَ عَلَىٰ عَقِبَيْهِ وَقَالَ إِنِّي بَرِيءٌ مِنْكُمْ إِنِّي أَرَىٰ مَا لَا تَرَوْنَ إِنِّي أَخَافُ اللَّهَ ۚ وَاللَّهُ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Lan nalikané sétan ama- maèsi dhèwèké ing panggawé- panggawéné karo calathu: Ing dina iki ora ana manusa kang ngalahaké marang kowé, lan sayekti aku iki pangayomanmu; ananging bareng papanthan loro iku wis padha adu- arep, dhèwèké ambalik ing tung- kaké karo calathu: Temen aku iki lebaran saka kowé, sayekti aku weruh barang kang kowé padha ora weruh, temen aku iki wedi maring Allah; lan Allah iku aba- nget ing pamales

Choose other languages: